Mboten Purun Peduli Renungan Harian 27 Februari 2019

27 February 2019

Waosan : Imamat 5 : 1 – 13 | Pamuji : KPJ 346a : 1, 3
Nats : “Manawa ana wong gawe dosa, marga krungu wong ngipat-ipati, mangka awake dadi saksi, marga nyipati utawa ngerti, nanging ora gelem nglairake katrangan, iku kudu nanggung ing kaluputane dhewe” [ayat 1]

Bapak X gadhah griya wonten ing salah satunggaling perkampungan ing Jawi Wertan. Ing perkampungan punika, bapak X nyumurupi kathah sanget tanggi ingkang remen jago, togel lan mabuk-mabukan. Bapak X ugi nyumurupi bil ih wonten tangginipun ingkang dados pengedar narkoba. Nanging bapak X namung mendhel kemawon, mboten purun sanjang sinten-sinten, ugi mboten purun peduli pripun caranipun ngemutaken tiyang-tiyang menika. Bapak X niki gadhah prinsip: “Sing seneng gawe dosa yo ben gawe dosa kono, sing pentingakugakmelu-melukoyokngono”.

Prinsip ingkang kados makaten sejatosipun nggih mboten saestu leres. Amargi napa? Amargi prinsip ingkang kadhos mekaten, saged ndadosaken kita minangka umat kagunganipun Gusti, mboten purun peduli tumrap punapa kemawon, kajaba peduli tumrap pigesanganipun piyambak. Sejatosipun kita kedhah saged saestu sadar, bilih patrap mboten purun peduli dados salah satunggaling faktor penting ingkang ndadosaken donya kita punika dados papan panggenan ingkang subur kangge nindakaken piawon.

Waosan ingkang kita waos sesarengan kala wau, ngemutaken kita sesarengan bilih dados tiyang Kristen punika mboten cekap namung mupuk kesalehan pribadi kemawon. Mboten cekap namung nyobi nebih saking tumindhak dursila kemawon. Dados tiyang Kristen kedah purun peduli tumrap sesami lan purun ngemutaken sadherek-sadherek kita, tanggi sakiwa tengenipun kita, ingkang nggadahi kalepatan ing pigesanganipun.

Bilih sedaya tiyang ingkang leres namung mendel kemawon lan nggadahi prinsip: “sing penting aku gak melu-melu koyo ngono”, sampun eram menawi mangke sansaya kathah tiyang ingkang nindhakaken tumindhak dursia. Mila mekaten, sumangga kita sami tumindhak ingkang nyata kangge mujudaken menapa ingkang leres, kados piwulangipun Gusti Yesus. [YAH]

“ Tumindak iku regane luwih larang timbang mung pocapan”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak