Tanggel Jawab Pancaran Air Hidup 27 April 2023

27 April 2023

Waosan: 1 Petrus 2 : 9 – 12 | Pamuji: KPJ. 292 : 1
Nats:Kowe, kang maune dudu umate Gusti Allah, nanging saiki wus dadi umate, sing maune ora padha diwelasi, nanging saiki wes tampa kawelasan.” (Ayat 10)

Dipun pilih dados tiyang ingkang paling wigati katimbang tiyang sanes, punika ndadosaken kita ngraosaken sukabingah lan bangga. Ananging, nalika kita dipun pilih dados tiyang ingkang wigati ing antawisipun tiyang sanes, kita ugi nggadhahi tanggel jawab ingkang langkung ageng katimbang tiyang sanesipun. Awit kathah tiyang ingkang pitados bilih kita punika saged dipun andelaken. Kados dene nalika kita dados pimpinan wonten pandamelan kita, tamtu kita ugi kedah nggadhahi tanggel jawab tumrap tiyang ingkang nyambut damel sesarengan kaliyan kita.

Kados punapa ingkang sampun dipun serat wonten ing 1 Petrus, bilih manungsa ingkang sampun ngraosaken katresnan lan sampun dipun pilih Gusti Allah kedah purun mawartosaken katresnanipun Gusti Allah dhateng sadaya tiyang, tegesipun mboten mandeg wonten ing dhirinipun piyambak. Pengalaman dhiri kita anggenipun ngraosaken katresnanipun Gusti Allah wonten ing gesang kita, ndadosaken kita yakin lan pitados bilih Gusti Allah mboten tega tumrap sadhengah kawontenan ingkang kita lampahi. Pramila waosan kita cetha bilih “kowe, kang maune dudu umate Gusti Allah nanging saiki wus dadi umate, sing maune ora padha diwelasi, nanging saiki tampa kawelasan.” (Ay. 10). Punika negesaken nalika kita sampun dados umatipun Gusti Allah, tamtu Gusti Allah mboten badhe nilar kita. Sanadyan kita ngraosaken awrating gesang, Gusti mesthi paring kawelasanipun kangge kita. Karana saking punika wonten tanggel jawab ingkang kedah kita lampahi, nggih punika purun mawartosaken katresnanipun Gusti Allah dhateng sintena kemawon, supados langkung kathah tiyang ingkang mangertos bilih Gusti Allah nganthi lan ngrengkuh gesangipun manungsa.

Kita sapunika sampun dipun pilih kaliyan Gusti Allah dados umatipun Allah, pramila sumangga kita nggadhahi sikep tanggel jawab lan purun mawartosaken katresnanipun Gusti Allah kangge sintena kemawon. Matemah kathah tiyang ingkang saged ningali lan ngraosaken katresnanipun Gusti Allah wonten ing gesangipun. Sugeng mawortasaken katresnanipun Allah lan Gusti tansah mberkahi. Amin. [nda]

“Dipun pilih tegesipun purun tanggel jawab”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak