Ngengeti Berkah Pancaran Air Hidup 27 April 2022

27 April 2022

Waosan: Ester 9 : 1 – 5, 18 – 23 | Pamuji: KPJ. 170
Nats:
“… amarga ing dina iku wong Yahudi padha luwar saka ing tanganing mungsuhe, lan iya ing sasi iku anggone kasusahan malih dadi kabungahan, tuwin dina tangisan dadi dina gambira, …” (Ayat 22)

 Kadospundi perasaan panjenengan dinten punika? Bingah punapa sisah? Gesang ing donya punika mesthi ngadhepi prastawa bingah lan sisah ingkang gilir gumantos. Menawi dipun timbang, kathah pundi ingkang kita alami, bab ingkang sae utawi awon? Sanadyan kita ngalami kathah kasaenan ingkang murugaken kabingahan, nanging menawi kita ngengeti momotan lan karibedan ingkang murugaken kasisahan, gesang punika mesthi raosipun awrat. Kosokwangsulipun sanadyan kathah panandhang lan namung sekedhik ngraosaken kabingahan, menawi ingkang kita enget bab kasaenan gesang, punika badhe nyingkiraken sedhihing manah lan nuwuhaken bingah.

Waosan dinten punika nerangaken bilih kabingahaning tiyang Yahudi karana ngengeti berkah, kasaenan, lan kabingahan ingkang sampun dipun tampeni saking Gusti. Menawi boten karana Gusti, para mengsah ingkang sami gething kaliyan tiyang Yahudi boten badhe saged kaadhepi. Nanging, pranyatanipun Gusti saged malik kasunyatan ingkang katingalipun mokal punika. Tiyang Yahudi saged uwal saking bab ingkang awon. Pengetan prastawa punika dipun lestantunaken tiyang Yahudi ngantos para putra wayahipun kanthi katetepaken minangka pahargyan ajeg. Pengetan lan pahargyan punika kedah kawujudaken lumantar andum berkah tumrap tiyang sanes.

Kados pundi kaliyan gesang kita? Punapa kita saged ngetang berkah ingkang kita tampeni? Pundi ingkang asring kita enget, kabingahan utawi kasisahaning gesang? Waosan dinten punika ngatag kita supados tansah enget berkah ingkang lumuber ing gesang. Gesang kapitadosan kita punika katuwuhaken boten namung lumantar prastawa kebak bingah, nanging saged ugi tansaya kiat lan jejeg nalika ngadhepi prastawa sisah. Pranyatanipun, menawi dipun tliti, ing sadhengah kasisahan mesthi wonten berkah lan panganthinipun Gusti ingkang njangkung ing gesang. Pramila, sumangga kita nglampahi gesang kanthi kebak ing syukur. Kita ngengeti sesami ingkang saweg ngadhepi momotan, karibedan lan kasisahan. Kanthi andum katresnan lan berkah, sejatosipun boten namung ngiyataken lan neguhaken kapitadosanipun tiyang sanes, nanging ugi dhiri kita pribadi. Berkah punapa ingkang panjenengan enget dinten punika? Kanthi ngengeti berkah, raos sokur lan bingah badhe tuwuh ing manah kita. Amin. [KRW].

“Senaosa boten kathah, ngengeti berkah tansah ndadosaken manah kebak bingah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak