Waosan: Purwaning Dumadi 6 : 1 – 10 ǀ Pamuji: KPJ. 144 : 1, 2
Nats: “Rama Nuh iku wong mursid tanpa cacad ana ing antarane para barakane. Salampah tindake ana ing patunggilane Gusti Allah.” (Ayat 9)
Wonten paribasan “Manungsa mung ngunduh wohing pakarti” ingkang tegesipun: sae lan botening gesang kita punika gumantung kaliyan tumindak gesang kita piyambak. Kita saged dados tiyang ingkang sae karana pangucap, sikap, lan tumindak gesang kita pancen sae saben dintenipun. Kosokwangsulipun kita dipun wastani tiyang dursila awit pancen tumindak gesang kita asring nindakaken prekawis ingkang awon lan nyilakani tiyang sanes. Awit saking punika kangge nuwuhaken gesang ingkang sae kedah dipun wiwiti nalika taksih alit. Tiyang sepuh paring tuladha ingkang sae ugi nuntun dhateng para putranipun supados nindakaken gesang sae miturut karsanipun Gusti Allah.
Waosan ing wekdal punika nyariosaken kawontenan gesangipun manungsa ingkang tumindak duraka wonten ngarsanipun Gusti Allah. Kasebataken ing ayat 5 – 6, “Bareng Sang Yehuwah mirsa yen gedhe durakane para manungsa ana ing bumi, lan saobah-osiking atine sajege mung ala bae, ing kono Sang Yehuwah piduwung dene akarya manungsa ana ing bumi lan sekel galihe.” Gusti Allah saestu duka mirsani kahananing manungsa ingkang kebak duraka, pramila Gusti Allah badhe numpes manungsa titahipun punika. Nanging saking antawisipun manungsa ingkang duraka punika, wonten Rama Nuh ingkang dipun pandheng tiyang mursid tanpa cacat. Kaserat bilih ing salampah tumindak gesangipun Rama Nuh tansah rumaket lan nunggil Gusti Allah. Karana punika Gusti Allah kersa nulungi Rama Nuh lan brayatipun saking paukuman banjir ageng.
Kita sapunika mlebet ing mangsa Adven, mangsa kangge kita nyambeti dinten rawuhipun Gusti Yesus. Gusti Yesus sampun rawuh kangge nebus kita saking dosa. Mekaten ugi Gusti Yesus badhe rawuh ingkang kaping kalih kangge ngadili umatipun. Mangga kita wiwiti mangsa Adven punika sarana nindakaken gesang nyatunggil kaliyan Gusti. Kita lampahi gesang kanthi tumindak sae, jujur, lan setya dhumateng Gusti. Sampun ngantos kita dawah ing tumindak dosa lan duraka, nanging mangga kita sami mirengaken saha ngestokaken Pangandikanipun Gusti Allah. Swawi kita sami jumaga awit dinten rawuhipun Gusti sampun cedhak. Swawi kita gesang ing patunggilaning Allah. Amin. [AR].
“Yen nunggil lan Gusti rinten dalu, manah langkung tentrem arahayu.” (KPJ. 144)