Nyuwun Panganthi Gusti Pancaran Air Hidup 25 Maret 2023

25 March 2023

Waosan: Jabur 130 : 1 – 8 | Pamuji: KPJ. 52
Nats:Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa miyarsakaken swanten kawula, Paduka mugi nilingna dhumateng swantening pasambat kawula.” (Ayat 2).

Wonten dialog ing antawisipun ibu kaliyan bapak pendita ingkang mekaten:

Pdt: “Kula punika asring ningali panjenengan nangis wekdal ndedonga, sejatosipun wonten punapa ta bu, kok kadosipun nggadhahi pambangen ingkang awrat.
Ibu: “Kula punika anggen ningali gesang kula piyambak ngraosaken taksih kathah dosa, Pak Ndito. Ananging kula nggih tansah saos sokur, sanajan kula punika tiyang dosa, kula taksih dipun paringi kesempatan kaliyan Gusti Allah kangge ndedonga dhateng Greja.”

Saking dialog punika, kita mangertos bilih ibu punika rumaos kadosan wonten ngarsanipun Gusti. Ing kawontenanipun punika, ibu punika kagungan sikap ingkang sae, inggih punika purun ngakeni lan nelangsani dosanipun dhumateng Gusti sarta pitados bilih Gusti Allah taksih nresnani piyambakipun.

Juru Mazmur ngraosaken punapa ingkang dipun raosaken dening Ibu punika. Gesangipun taksih dereng ngener ing marginipun Gusti Allah kanthi sae, asring dumawah ing dosa lan kalepatan. Kagambaraken kados tiyang ingkang dumawah dhateng salebeting jurang, ingkang namung saged bengok-bengok kanthi sora nyuwun pitulungan. Juru Masmur nggadhahi pangertosan bilih piyambakipun saged luwar saking sedaya pambengan punika, namung karana sih kamirahanipun Gusti Allah. Lumantar sesambetan malih kaliyan Gusti Allah sarta nampi pangapuraning dosa, tiyang pitados saged dipun pulihaken gesangipun saking sedaya pambengan. Pitulunganipun Gusti Allah punika ingkang tansah dipun kanthi. “Aku ngarep-arep marang pitulungane Allah, aku ngandel karo janjine.” (Ay. 5).

Mboten wonten manungsa ingkang gesangipun sampurna ing alam donya punika, kalebet tiyang ingkang pitados. Sedaya pacoban, pambengan, pergumulan ingkang kita raosaken saged ndadosaken kita minangka tiyang pitados dumawah ing dosa. Mboten gampil anggenipun kita nglampahi gesang ingkang sae lan bener ing ngarsaning Gusti Allah. Kathah tiyang Kristen ingkang sregep ndedonga nalika nandhang kasisahan, ananging nalika kahanan sampun sae lan lancar, piyambakipun mboten madosi Gusti Allah malih. Dinten punika, Gusti Allah kepengin kita tansah sengkut ndedonga tanpa bosen lan boten bosen ing sedaya kahanan. Amin. [Sungsang].

“Aja sumelang bab uripmu, sumanggana mring Gusti ”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak