Natal ingkang Prasaja Pancaran Air Hidup 25 Desember 2022

25 December 2022

Waosan: Lukas 2 : 8 – 20 ǀ Pamuji: KPJ. 220 : 1, 2
Nats:Ing dina iki wis miyos Juru-slametmu, yaiku Sang Kristus, kang jumeneng Gusti, ana ing kuthane Dawud.” (Ayat 11)

Dinten natal punika saged dipun wastani dinten ingkang kebak kabingahan, karana ing dinten natal punika kita sami mahargya dinten wiyosipun Gusti Yesus, Juru Wilujeng kita. Karana punika para tiyang Kristen sami ngriyadinaken natal kanthi maneka cara, wiwit saking ingkang prasaja ngantos ingkang mewah. Wonten ingkang ngriyadinaken natal kanthi cara andum berkah kados sembako dhateng para sederek ingkang kekirangan. Wonten ingkang ngriyadinaken natal sarana nindakaken pangabekti natal, tansah ngaturaken pamuji sukur lan sembah bekti kagem Gusti ingkang sampun kersa manjalma dados manungsa. Mekaten ugi wonten ingkang ngriyadinaken natal sarana kembul bujana sesarengan ngangge tetedhan ingkang eco. Sadaya punika kalampahan awit raos bingahing manah, nanging mangga sami kita enget natal ingkang sepisan punika natal ingkang prasaja.

Carios natal ingkang prasaja punika kacariosaken ing waosan kita dinten punika. Nalika semanten malaekating Allah ngetingal dhateng para pangon sarta matur bilih ing dinten punika wonten kabingahan ageng awit Sang Kristus sampun wiyos ing kuthaning Dawud kanthi tenger wonten bayi ingkang kagendhong ing pamakanan. Sak sampunipun mireng pawartos punika, para pangon sami tindak dhateng Betlehem saperlu nyataaken punapa ingkang kelampahan. Ing pungkasanipun para pangon punika manggihi bayi Yesus, Maryam, lan Yusuf. Para pangon punika nyariosaken punapa ingkang dipun pangandikakaken malaekat tumrap Sang Putra punika. Lajeng sami wangsul ing papanipun kanthi memuji lan ngluhuraken Gusti Allah.

Natal ing taun punika saged kita pengeti kanthi sukabingah awit kita saged makempal malih dhateng greja. Kita saged nindakaken pangabekti lan pangharyan natal ingkang langkung meriah dipun bandingaken kalih taun kepengker nalika taksih pagebluk Covid-19. Sanajan mekaten, mangga kita nindakaken natal ingkang prasaja. Tegesipun kita nindakaken panghargyan dinten natal punika boten namung kangge kasenengan kita pribadi kemawon. Ingkang utami ing dinten natal punika, kita saged dados seksi kados para pangon ingkang tansah nyariosaken Gusti Yesus salebeting gesang kita. Awit saking paseksi kita punika, tiyang sanes ugi saged ngraosaken kabingahan ingkang kita raosaken. Sugeng Natal. Gusti mberkahi kita. Amin. [AR].

“Wiyosipun Gusti Yesus nuwuhaken kabingahan sanyata dhateng gesang kita.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak