Waosan: Ester 7 : 1 – 10 ǀ Pamuji: KPJ. 188 : 1 – 3
Nats: “… mugi kawula kaparingana gesang margi saking panyuwunipun dalem, makaten ugi bangsa kawula inggih margi saking panyuwunipun dalem.” (Ayat 3).
Kita tamtunipun mangertosi bilih kathah tiyang ingkang kepengin gesangipun kebak kamulyan miturut ukuranipun donya. Kangge mujudaken kamulyaning gesang punika, tiyang-tiyang punika sami ngupadi kanthi estu supados pangajeng-pangajengipun saged kagayuh. Contonipun, wiwitan taksih lare alit, tiyang punika sregep sinau nalika sekolah, nyambut damel kanthi tumemen, bilih dipun pitados nyepeng jabatan tertamtu, jabatan kalawau inggih dipun lampahi kanthi sae. Ing wusana tiyang kalawau saged ngalami kamulyaning gesang miturut donya punika. Ananging kita saged manggihi, kathah tiyang ingkang lajeng kesupen kaliyan tiyang sanes ingkang sampun paring pitulungan dhateng piyambaikpun nalika taksih rekaos. Karana inggil drajat lan pangkat ingkang dipun sanggi, sarta saking kathahipun bandha donya ingkang dipun gadhahi, kawontenanipun tiyang sanes namung kaanggep kembangan kemawon. Tiyang kalawau namung purun mikir gesangipun piyambak: “Sing penting aku wis mulya, sing penting aku bisa mangan wareg, aku ora nggagas kahanane wong liya.”
Waosan kita dinten punika nyariosaken Ester ingkang kaangkat dados ratunipun Prabu Ahasyweros. Ester wantun paring pambiyantu tumrap bangsa Israel ingkang badhe dipun pejahi dening Haman. Ester ingkang rikala semanten sampun kaangkat dados Ratu, saged kemawon namung nggraita dhirinipun piyambak, kanthi mboten mikiraken nasib bangsanipun. Nanging Ester purun bela bangsa Israel ingkang katindes. Piyambakipun nyuwun dhateng Prabu Ahasyweros supados paring paukuman dhateng Haman ingkang kagungan rancangan awon dhateng bangsa Israel. Ester mboten kesupen kaliyan jati dhirinipun, piyambakipun mboten kesupen kaliyan tiyang-tiyang ingkang sampun paring pitulungan, sarta piyambakipun mboten keblinger kaliyan kamulyaning gesang ingkang sampun dipun gayuh.
Kasembadanipun pangajeng-ngajenging gesang pancen saged ndadosaken tiyang sami keblinger, lajeng namung nggraita utawi mikir gesangipun piyambak. Ananging, minangka pandherekipun Gusti, kita sami katimbalan supados sampun ngantos kita kesupen kaliyan sesami kita, punapa malih dhumateng Gusti. Karana tanpa tiyang sanes ingkang sampun paring pitulungan, tanpa Gusti ingkang ngersakaken kita nampeni sadaya kalawau, mbok menawi kita mboten saged ngalami gesang ingkang kados mekaten. Amin. [YEP].
“Oleh mikir awake dhewe, pokok mati wes bisa budhal dhewe.”