Gelem Manut Ora Mung Merga Ana Ganjarane Pancaran Air Hidup 23 Oktober 2023

23 October 2023

Bacaan:  Daniel 3 : 1 – 18 | Pujian: KPJ. 123
Nats: “Bokbilih Allah kawula, ingkang sami kawula pepuja sagah ngluwari kawula sadaya, kawula inggih sami badhe kaluwaran dening Panjenenganipun saking pawon murub punika, saha saking asta dalem, dhuh Sang Prabu, …” (Ayat 17)

Punapa panjenengan taksih emut dhateng lampahing sidang tuntutan prastawa sedanipun Brigadir Y ingkang dipun pejahi dening Irjen FS lan rencang-rencangipun? Kadosdene ingkang kita midhangetaken, ing satengah-tengah lampahing sidang punika wonten asma-asma kados Ibu PC, Brigadir RR, Bpk KM, Bharada E ingkang ugi kadakwa lan dipun pidana dening Pak Hakim. Ingkang dados kawigatosan kangge kita, ingkang naminipun Bharada E punika purun paring katrangan tumrap sadaya ingkang dipun tindhakaken lan ngakeni kalepatanipun. Piyambakipun wantun lan jujur ing ngajengipun sadaya tiyang, kamangka tiyang sanesipun sami ajrih ngakeni. Bharada E punika wantun ngakeni sadaya kalepatanipun kalawau dipun dasari wonten jaminan bilih piyambakipun badhe nampeni ganjaran paukuman ingkang langkung entheng bilih jujur, awit statusipun rikala semanten dipun sebat Justice Collaborator. (Tersangka ingkang sedya mbiyantu penegak hukum kangge dungkap sejatining kasus). Tamtunipun punapa ingkang sampun dipun tindhakaken Bharada E punika saestu tumindhak ingkang sae. Ananging, bilih kita mbayangaken wonten ing gesang kita piyambak, kados pundi menawi boten wonten jaminan ingkang kados mekaten kalawau, punapa kita taksih purun jujur lan wantun nglampahi tumindhak ingkang leres kados mekaten kalawau?

Kacarios ing waosan kita dinten punika, Sadrakh, Mesakh, lan Abednego ngadhepi pangancam saking Prabu Nebukadnezar lan para abdinipun. Punika karana tiyang tiga kalawau boten manut dhateng dhawuhipun Sang Prabu supados sujud manembah dhateng reca emas ingkang dipun yasa dening piyambakipun. Tiyang tiga kalawau nampeni pangancam badhe dipun cemplungaken dhateng pawon ingkang murub. Ananging tiyang tiga kalawau boten ajrih, tetiganipun wantun jejeg anggenipun netepi iman kapitadosanipun senaosna dipun paringi pangancam kados mekaten. Ingkang mirunggan kangge kita gatosaken, tiyang tiga kalawau wantun, boten karana wonten jaminan ingkang dipun tampi (Ay. 18), nanging karana kalandesan pangertosan, iman, lan kapitadosan dhumateng Gusti Allah.  Punapa ingkang dipun tindhakaken saestu tumindhak ingkang leres senaosa boten wonten jaminan ganjaran ingkang sekaca tumrap tetiganipun. Mila sumangga kita nuladhani punapa ingkang sampun dipun tindhakaken dening Sadrakh, Mesakh, lan Abednego. Amin. [YEP].

“Kathah-kathah lare alit, badhe purun manut bilih wonten ganjaranipun.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak