Pitados Mring Gusti Pancaran Air Hidup 23 Maret 2026

23 March 2026

Waosan:  1 Para Raja 17 : 17 – 24  |  Pamuji: KPJ. 198
Nats: “Wong wadon mau tumuli matur marang nabi Elia: “Sapunika kula sumerep, bilih panjenengan punika abdining Allah saha bilih pangandikanipun Sang Yehuwah ingkang panjenengan ucapaken punika pancen leres.” (Ayat 24)

Mangun kapitadosan punika sanes prekawis ingkang gampang. Nalika kita kepanggih tiyang sanes, ingkang mboten nate kepanggih, tamtu kita mboten badhe crita bab gesang kita. Ananging, bilih tiyang punika sampun kita tepang lan akrab kaliyan kita, kita saged crita bab gesang kita. Punika ugi sami, menawi wonten tiyang ingkang nasehati kita, ananging tiyang punika mboten sumerap kawontenan gesang kita saben dintenipun, tamtu kita mboten badhe gatosaken tumrap pangucapipun, punapa malih badhe manut piyambakipun.

Kahanan punika, benten kaliyan punapa ingkang dipun alami randha ing Sarfat. Piyambakipun mboten tepang Nabi Elia, mboten nate kepanggih. Ananging, nalika Nabi Elia nyuwun toya lan roti, klayan pangandhikan-Ipun Gusti, randha punika pitados. Kapitadosan sampun kewangun antawisipun Nabi Elia lan randha Sarfat. Nanging kapitadosan ingkang kewangun punika kalong amargi anakipun randha Sarfat punika mati. Randha Sarfat punika gela lan kuciwa. Piyambakipun sampun pitados dhateng Nabi Elia ingkang beta kawilujengan, ananging anakipun malah mati. Bab punika, ingkang kadang kita alami wonten ing gesang kita. Kadang, kita rumaos sampun pitados dhumateng Gusti klayan tumemen, ananging taksih ngalami sisah lan pacoban. Kahanan kados punika, ingkang damel kita nggadhahi pitakenan ing manah kita, “Kenging punapa dhuh Gusti kahanan punika kedadosan wonten ing gesang kula?”

Wonten ing mangsa Pra-Paskah punika, kita sami dipun ajak mratobat saking tumindak awon ingkang kita lampahi, saking kapitadosan kita ingkang kalong. Kados Nabi Elia ingkang dipun pathah Gusti kangge nulungi randha ing Sarfat lan nangekaken anakipun, mekaten ing sadhengahing gesang kita, Panjenenganipun karsa nulungi gesang kita ingkang awrat. Sumangga kita pitados dhumateng Gusti. Wonten ing kahanan sisah lan bingah, kita tetep pitados bilih rancangan-Ipun Gusti kagem kita sanes rancangan ingkang awon, nanging rancangan ingkang endah. Mangga kita gesang linandesan iman kapitadosan ingkang kiyat. Gusti tansah ngiyataken kita, nglampahi sadaya kahanan gesang kita. Amin. [HADS].

“Pitados mring Gusti sanadyan kawontenan gesang mboten pasti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak