Waosan: Jabur 150 : 1 – 6 | Pamuji: KPJ. 23
Nats: “Kabeh kang ambekan kareben padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah! Haleluya!” (Ayat 6).
Kita ingkang dados tiyang Kristen tamtu sampun asring ngunjukaken pamuji kagem Gusti. Nalika kita muji asmanipun Gusti, ingkang asring ing kahanan ingkang kados punapa? Nalika ngraosaken sedhih utawi bingah? Punapa namung kalampahan ing greja kemawon? Punapa kedah ngagem musik ingkang mirunggan? Tamtu sadaya pitakenan punika saged kita jawab bilih kita muji lan ngluhuraken asmanipun Gusti punika mboten winates wekdal, papan panggenan, utawi piranti ingkang dipun agem. Muji asmanipun Gusti punika tansah kita tindhakaken ing gesang kita saben dinten.
Nggih pancen leres bilih kita muji lan ngluhuraken asmanipun Gusti Allah ing salawase gesang kita. Kadosdene ingkang sampun kaserat ing kitab Jabur punika. Menawi kita gatosaken, ing kitab Jabur punika, Sang Juru Mazmur nyerat mawarni-warni kahanan gesangipun lan pengalaman imanipun kaliyan Gusti Allah. Kadangkala Sang Juru Mazmur nyerat kahanan ingkang kebak kabingahan, jejeg ing iman kapitadosan, kebak ing pangajeng-ajeng, gesang ayem tentrem, lan sanesipun. Ananging kadangkala ingkang kaserat inggih punika kahanan ingkang benten, utawi kosokwangsulanipun. Sinaosa Sang Juru Mazmur nglampahi mawarni-warni pengalaman iman nalika gesang kaliyan Gusti, ing pungkasan kitab Jabur punika, Sang Juru Mazmur nyerat pamuji kagem Gusti. Awit piyambakipun saestu ngraosaken bilih pamuji lan kaluhuran namung kagem Gusti Allah. Tembung Haleluya punika asalipun saking basa Ibrani, inggih punika saking tembung “Halal” ingkang ngemu teges muji, lan “Yahweh” ingkang ngemu teges Gusti Allah. Pramila tembung haleluya ingkang asring kita ucapaken punika kagungan teges ngaturaken sokur kanthi sukarena lumantar muji Gusti.
Ngaturaken pamuji kagem Gusti punika kedah dipun lampahi kanthi manah ingkang bingah. Ngaturaken pamuji kagem Gusti ugi kedah kita tindakaken ing salaminipun gesang, awit Gusti Allah sampun makarya lan numrahaken sih rahmat-Ipun dhateng kita sadaya, lumantar Sang Putra ingkang seda sinalib, lan kita ugi sampun luwar saking dosa. Sumangga sadaya titah sami muji Gusti. Amin. [gwk].
“Ulukna pamuji kanthi trusing ati mring Allah kang ngganjar berkah!”