Waosan: Jabur 103 : 1 – 8 | Pamuji: KPJ. 48 : 1, 2
Nats: “Pangeran Yehuwah iku ambek welasan lan ambek asih, gedhe sabare lan luber sih-susetyane.” (Ayat 8)
“Kula sampun sinau, bilih kita sacara terus-terusan nyimpen raos sakit, raos sakit punika sansaya dangu badhe sansaya tuwuh. Ananging bilih kita purun paring pangapunten, sekedhik mbaka sekedhik raos sakit punika badhe tebih, lan ing wusana raos sakit punika saged ical. Paring pangaputen ateges purun seleh anggen kita nyimpen raos sakit.”
Tembung punika dipun ngandikakaken dening salah satunggaling ibu ingkang asmanipun Mary Johnson. Piyambakipun ngalami kapaitan gesang awit putra ontang-antingipun, Laramiun Byrd (20 th) dipun pejahi dening Oshea Israel (16 th). Ing wiwitan, awit saking raos kecalan ingkang ageng, Mary Johnson sengit sanget dhateng Oshea, malah-malah Mary Johnson ugi kepengin males punapa ingkang sampun dipun tindakaken dening Oshea. Sak dangunipun nyimpen raos sengit punika, Mary Johnson malah ngraosaken sakit lan lampah gesangipun namung dipun kebaki kaliyan raos dendam, mboten namung dhateng Oshea, nanging ugi dhateng tiyang-tiyang celakipun. Raos sakit punika wusananipun saged ical, nalika Mary Johnson purun paring pangapunten Oshea. Pangapunten punika dipun wujudaken, piyambakipun purun nyambangi Oshea ing pakunjaran, lan kanthi tumetesing eluh piyambakipun ngrangkul Oshea ingkang sampun ngicali nyawa putranipun.
Tamtunipun mboten sedaya tiyang kanthi gampil nindhakaken kados dene punapa ingkang sampun dipun tindakaken dening Mary Jhonson punika. Awit paring pangapunten dhateng tiyang ingkang sampun ndamel raos manah kita sakit punika prekawis ingkang awrat, punapa malih bilih raos sakit punika gegayutan kaliyan raos kecalan tiyang ingkang kita tresnani. Namung tiyang-tiyang ingkang jembar manahipun lan kebak welas asih ageng ingkang saged nindhakaken prekawis punika.
Salah satunggaling cara supados saged jembar manah lan paring pangapunten dhateng tiyang ingkang sampun nindakaken kalepatan, Prabu Dawud ngenget-enget Sang Yehuwah ingkang ambek welasan lan ambek asih, ingkang saestu ageng kasabaran-Ipun lan luber sih-susetyan-Ipun. Karana Gusti Allah sampun karsa paring welas asih dhumateng umat kagungan-Ipun ingkang kebak dosa lan panerak, kedahipun kita inggih saged ngupadi paring pangapunten dhateng tiyang ingkang lepat dhateng kita. Amin. [YEP].
“Ora ana wujud raos sengit kang bisa nglegakake, kajawi amung pangapura kang bisa beta leganing jiwa raga”