Waosan : Pangentasan 16 : 32 – 35 | Pamuji : KPJ. 14 : 2
Nats: ”Wong Israel anggone mangan manna lawase patang puluh taun, …” (Ay. 35a)
Sekul (nasi) inggih minangka tetedhan padintenan kita sacara umum. Saben dinten, kita sampun biasa nedha sekul. Saben dinten kita saged nedha sekul. Swawi kita nggegilut : Punapa sekul punika kita raos-raosaken minangka mukjijat?
Nalika nembe medal saking Mesir lan saweg wonten ing pasamunan, bangsa Israel ngresula dhumateng Musa lan Harun, menggah punapa ingkang dipun alami. Awit, wonten ing pasamunan punika boten wonten roti lan daging ingkang saged dipun tedha nalika kaluwen. Lajeng Gusti Allah paring mukjijat awujud manna (ayat 31). Manna punika ingkang dados tetedhan padintenan kangge bangsa Israel ing pasamunan, inggih sekawan dasa taun laminipun. Ngantos-ngantos, Gusti ngarsakaken supados manna punika kasimpen kangge tedhak turunipun bangsa Israel. Patrapipun supados tedhak turunipun Israel saged mangertosi bilih manna punika anandhani mukjijatipun Gusti. Ateges, supados manna punika tansah karaos-raosaken minangka mukjijat, senadyan ta dados tetedhan padintenanipun bangsa Israel. Temahan, manna punika kasengker lan kasaosaken ing ngarsanipun Gusti.
Sekul, minangka tetedhan padintenan kita, punapa tansah kita raos-raosaken minangka mukjijat? Manawi sekul punika kita raos-raosaken minangka mukjijat, tamtunipun kita sengker lan kita saosaken langkung rumiyin ing ngarsanipun Gusti lumantar pandonga saderengipun kita tedha. Ananging, manawi dereng kita raos-raosaken minangka mukjijat, tamtunipun kita tedha kemawon tanpa kita saosaken langkung rumiyin, langsung katedha kemawon.
Bangsa Israel tansah ngraos-ngraosaken Manna minangka mukjijatipun Gusti. Senadyan ta sampun dados tetedhan padintenanipun. Wosing Manna minangka mukjijat boten kagerus dening kawontenanipun ingkang biasa tumraping bangsa Israel. Mekaten ugi, kedahipun kita mboten nyuda wosing sekul minangka mukjijatipun Gusti namung krana kawontenanipun ingkang biasa tumraping gesang kita. Awit, lumantar manna, bangsa Israel taksih saged nampeni kakiyatan kangge nglajengaken lelampahan gesangipun. Mekaten ugi kita, lumantar sekul, kita nampi karosan kangge nglajengaken lampah gesang punika. [aan]
”Mukjijatipun Gusti boten saged kita watesi namung awujud prakawis ingkang ageng.”