Waosan : Mateus 17 : 22 – 27 | Pamuji : KPJ. 427 : 1, 2
Nats: “Nanging supaya aku kabeh aja dadi sandhungan tumrap wong-wong iku …” (Ay. 27)
Ngalah, ngalih, ngamuk, nggih punika salah satunggilipun Falsafah Jawi ingkang kaginakaken nalika wonten tiyang ingkang padu, kedahipun wonten tiyang ingkang purun ngalah. Bilih boten wonten ingkang saged ngalah, prayoginipun wonten ingkang purun ngalih. Nanging, bilih ngalih ugi boten saged katindakake tamtu prekawis padu punika pungkasane ngamuk-ngamuk. Ing salebeting Falsafah Jawi bab padu punika, wonten setunggal istilah ingkang paling luhur lan awrat katindakaken, inggih punika ngalah. Nanging, bilih sampun katindakaken saged mbetha kabecikan arupi katentreman. Istilah ngalah kasusun saking tembung “nga” tegese tumuju lan “Allah” ingkang artosipun Gusti Allah, supados sageda dipunmangertosi bilih ngalah punika tegese ngeneraken manah dhumateng Gusti Allah. Sedayanipun sifat egois kagantosan dening welas lan asih, kadosdene welas lan asihipun Gusti tumrap kita para manungsa.
Gusti Yesus ugi milih sikap ngalah nalika padu kaliyan para juru mupu pajeg Padaleman Suci ingkang nagih pajeg pangapura. Pajeg pangapura punika sejatine sanes tanggeljawabipun Gusti Yesus lan Petrus amargi sinten kemawon ingkang sampun dados putranipun Allah boten prelu asok pajeg pangapura malih. Nanging, kangge nyingkiri padu ingkang ngrisak katentremanipun Padaleman Suci, Gusti Yesus ndamel mukjijat lajeng mbayar pajeg punika lumantar Petrus. Gusti Yesus paring tuladha bilih sikap ngalah punika saged kalampahan kanthi gampil bilih pigesangan kita tansah linambaran dening andhap asoring manah.
Padu, padudon, regejegan lan sapanunggalane sanes prekawis enggal kangge kita sadaya lan asring dados pangrisak ingkang utami nalika kita sami njagi katentreman lan karukunan, sarta ngupadi mbangun pigesangan kaliyan tiyang sanes lan patunggilan. Ing sasi punika kita sedaya dipunajak ngugemi kemalih semangat Ekumene kangge mbangun gesang sesarengan ingkang kebak katentreman. Nalika wonten padu, minangka tiyang Jawi kita saged milih, ngalah, ngalih, utawi ngamuk. Nanging, minangka tiyang pitados, Gusti Yesus sampun paring tuladha, ngeneraken manah mring Allah, nggih punika ngalah. (xie).
“Sura Dira Jayaningrat, Lebur dening Pangastuti”