Pamulihan Saking Gusti Pancaran Air Hidup 21 Maret 2026

21 March 2026

Waosan: Jabur 130 : 1 – 8  |  Pamuji: KPJ. 136
Nats: “Aku nganti-anti marang Pangeran Yehuwah, nyawaku ngarep-arep, lan aku ngarep-arep marang Pangandikane.” (Ayat 5)

Kados tiyang ingkang dawah mlebet sumur, tiyang punika kanthi sora nyuwun tulung, nanging mboten wonten tiyang ingkang mangsuli. Ngantos dangu wonten swanten, “Kula mireng swanten panjenengan nyuwun tulung, sekedhap kula pados alat lan rencang kangge nulungi panjenengan.” Sanes tangan ingkang langsung narik, nanging wonten janji badhe wonten pitulungan. Mekaten kawontenanipun gesang punika, kathah tiyang ingkang kacemplung ing kasusahan awit dawah ing dosa, lajeng nyuwun pitulungan dhumateng Gusti.

Jabur 130 punika Jabur ratapan saha pangajeng-ajeng. Juru Mazmur ndedonga nyuwun tulung dhumateng Gusti saking “papan ingkang lebet”, ingkang nggambaraken kahanan gesang ingkang awrat lan kebak momotan. Juru Mazmur nyumerepi kalepatanipun lan mboten dipun tutup-tutupi. Piyambakipun mangertos bilih Gusti Allah punika sumbering pangapunten lan pamulihan (Ay. 3–4). Mboten wonten satunggaling tiyang ingkang saged jumeneng ing ngarsan-Ipun, namung saking sih pangapunten-Ipun, manungsa kaparingan pangapunten. Juru Mazmur mangertos bilih ngrantos Gusti punika mboten ateges pasrah tanpa pengajeng-ajeng, nanging kebak pangajeng-ajeng bilih Gusti badhe paring pangapunten lan pamulihan.

Saking waosan wekdal punika, kita dipun ajak sinau ngrantos pitulunganipun Gusti kanthi iman. Pamulihan mboten mesthi kawujud cepet, nanging srana pangajeng-ajeng kita dhumateng Gusti, anggen kita ngrantos pitulunganipun Gusti mboten badhe muspra. Pamulihan badhe kita tampi menawi kanthi andhap asor kita ngakeni dosa kita lan sabar ngrantos sih rahmat-ipun Gusti. Pamulihan punika mboten karana kita kiyat, nanging awit saking pangaken bilih kita punika ringkih. Jabur 130 ngengetaken kita, kakiyatan kita punika medal saking manah ingkang ringkih, ingkang pitados Gusti. Mangsa Pra-Paskah punika wekdal ingkang sae kangge kita mbikak manah, ngakeni karikihan kita, lan sowan dhumateng Gusti. Mangga ing jroning gesang, kita pitados bilih Gusti mirengaken pandonga kita. Kita rantos sih rahmat lan pamulihan saking Gusti srana iman lan pangajeng-ajeng. Amin. [WAY].

“Tatu nuwuhaken pangajeng-ajeng enggal.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak