Nresnani Alam = Nresnani Gusti Pancaran Air Hidup 21 Januari 2023

21 January 2023

Waosan: Jabur 27 : 1 – 6 | Pamuji: KPJ. 385
Nats:Saiki sirahku jejeg, ngungkuli musuh kang ngepung aku; ana ing tarube aku bakal nyaosake kurban panuwun kanthi surak-surak; aku arep ngidung lan ngrepekake masmur kagem Sang Yehuwah.” (Ayat 6).

Nresnani punika nedahaken bilih wonten ikatan ingkang raket, sami-sami mbetahan, lan tunggil tuju. Ananging ing kasunyatanipun anggen kita nresnani punika asring “bertepuk sebelah tangan.” Mila kathah tiyang ingkang kuciwa, awit katresnanipun mboten dipun tanggapi. Benten bilih katresnanipun punika dipun tanggepi ing katresnan ugi, tamtu kita badhe ngraosaken suka bingah, awit kekalihipun sami-sami nindakaken katresnan. Bilih katresnanipun manungsa punika wonten saratipun, katresnanipun Gusti Allah punika tanpa sarat dhateng sedaya titahipun. Katresnanipun Gusti Allah punika tanpa winates.

Juru Masmur paring pitedah dhateng kita, wonten ing tarubipun Gusti, piyambakipun badhe nyaosaken kurban panuwun. Ing ayat 6 kasebataken, “… ana ing tarube aku bakal nyaosake kurban panuwun kanthi surak-surak; aku arep ngidung lan ngrepekake masmur kagem Sang Yehuwah.” Tarubipun Gusti punika awujud papan panggenan ingkang nentremaken, inggih punika Padaleman Suci, ing pundi para umat kagunganipun Gusti sujud sumuyud wonten ing ngarsanipun Gusti, sarta nyaosaken kurban panuwun dhumateng Gusti. Sanesipun Padaleman Suci, alam donya punika ugi saged kita wastani tarubing Gusti. Papan panggenan kangge kita kepanggih kaliyan Gusti, lumantar sedaya titah ingkang kita panggihi.

Sejatosipun kita nggadhahi tugas tanggel jawab nuwuhaken katentreman lan katresnan dhateng sedaya titahipun Gusti ing alam donya punika. Leres menawi kita asring ngraosaken katresnan ingkang “bertepuk sebelah tangan” anggen kita nresnani alam punika. Menawi kita peka lan jujur anggenipun ngraosaken katresnanipun Gusti lumantar alam punika, kita mboten badhe saged ngetang agenging katresnanipun Gusti punika. Pramila sumangga kita nresnani Gusti, ingkang kita wujudaken sarana ngrimati lan nglestariaken alam donya punika. Mangga kita tansah nresnani alam lan sedaya titahipun Gusti ing alam donya punika, supados lestarining alam punika ndadosaken gesang kita ngraosaken katentreman dan kasantosan. Amin. [gfc].

Nresnani alam wujud bilih kita nresnani Gusti.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak