Katresnanipun Gusti Renungan Harian 21 Januari 2019

21 January 2019

Bacaan : Yesaya 54 : 1 – 8  |  Pamuji  : PKJ 98
Nats: “Ing sajroning dukaningSun kang banget, Ingsun wus ngaling-alingi wedananingSun marang sira sedhela, nanging marga saka sih- susetyaningSung kang langgeng Ingsung wus ngatingalake sih-piwelasingSun marang sira, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Juru Panebusira”. [ayat 8]

Bilih kita nggadhahi putra utawi putri ingkang mlebet ing jenjang remaja, kita kedah mangertosi bilih putra putri kita punika, nembe kemawon mlebet ing salah setunggaling fase ingkang penting wonten ing gesanganipun. Ing fase remaja menika, putra-putri kita saweg ngalami puncak perkembangan emosional. Para remaja badhe asring nedahaken sifat ingkang sensitif, reaktif, lan emosinipun mboten stabil utawi tempramental. Sifat menika dipunwujudaken kanthi asring mbantah utawi mboten purun mirengaken pitutur tiyang sepuhipun.

Kahanan ingkang kados mekaten, temtu ndadosaken asringipun dredah/konflik antawisipun tiyang sepuh lan putra putrinipun. Sanadyanta makaten, tamtu taksih wonten kemawon katresnan ingkang mboten saged ical. Amargi menapa? Amargi saknakal-nakalipun lare remaja menika, lare menika inggih putra-putri kita piyambak, peparingipun Gusti pribadi.

Mekaten ugi kahanan kita ing ngarsanipun Gusti. Minangka umat kagunganipun, kita asring sanget damel sedhih manahipun Gusti. Kita mboten saged uwal saking dosa lan kalepatan kita. Malah kita kanthi sadar, remen sanget ndamel dosa lan nebih saking Gusti. Nanging sinaosa kita punika kebak dosa, Gusti Allah kagungan katresnan ingkang langgeng, ingkang saestu mboten winates.

Gusti Allah ngandika: “Ing sajroning dukaningSun kang banget, Ingsun wus ngaling-alingi wedananingSun marang sira sedhela, nanging marga saka sih-susetyaningSung kang langgeng Ingsung wus ngatingalake sih- piwelasingSun marang sira”. Tegesipun, sinaosa dosa kita abang kados gluga, taksih wonten kemawon sih palimirmanipun Gusti kang langgeng lan ugi mboten winates dhumateng manungsa.

Mila makaten, monggo kita langkung nyelak malih dhumateng Gusti. Mboten wonten ingkang telat kangge mratobat, menawi kita ngrumaosi bilih kita punika tiyang ingkang kebak ing dosa. [YAH]

“Mboten wonten kata terlambat damel mratobat”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak