Waosan: 3 Yokanan 1 : 9 – 12 | Pamuji: KPJ. 452 : 1, 3
Nats: “… aja nulad marang kang ala, nanging nulada kang becik.” (Ayat 11a)
Anut grubyug punika gegambaran kangge tiyang-tiyang ingkang remen nindakaken samukawis awit ngetutaken tiyang sanes. Fenomena punika dados prekawis limrah ing negari kita. Contonipun bab mbucal sampah ing lepen, sinaosa mangertos tumindak punika njalari banjir nanging tetap kemawon dipun lampahi awit kathah tiyang tumindak mekaten. Conto sanesipun tiyang ingkang nerak rambu-rambu lalu lintas, sinaosa mbebayani dhiri saha tiyang sanes, tetap kemawon dipun terak, awit kathah tiyang ingkang tumindak mekaten. Tumut demonstrasi sinaosa boten mangertosi punapa ingkang dipun perjuangaken, amargi ing sakiwa-tengenipun tumindak mekaten nuntun piyambakipun nglampahi samukawis ingkang dipun lampahi dening tiyang kathah. Emanipun, prekawis-prekawis awon punika kaanggep limrah.
Waosan kita punika ngengetaken kita supados boten nulad bab ingkang awon, nanging nulad ta bab ingkang becik. Rasul Yokanan ngengetaken Gayus supados waspada kaliyan Dhiotrefes. Awit Dhiotrefes punika nedahaken tuladha ingkang awon, anggenipun piyambakipun kepingin dados pangajenging pasamuwan kanthi ngasoraken para penginjil sanesipun. Benten kaliyan Dhemetrius, Rasul Yokanan paring pengertosan bilih Dhemetrius pantes dipun tuladhani awit tansah nglampahi kayekten. Dhemetrius punika nedahaken kualitas gesang minangka tiyang Kristen ingkang nindakaken pambangun turut dhumateng Gusti saha katresnan. Pramila pasamuwan punika kedah waspada bab sinten ingkang pantes dados panutan.
Ing pigesangan punika wonten tuladha ingkang sae lan awon. Kita kaparingan akal budi supados saged miji pundi ingkang pantes kadadosaken panutan. Sampun ngantos kita remen anut grubyug! Nglampahi samukawis ingkang awon amargi sakiwa tengen kita nglampahi sadaya punika. Kita sampun mangertos patuladhanipun Gusti Yesus. Panjenenganipun sampun nglampahi kayekten ngantos dumugi seda sinalib. Rawuhipun minangka manungsa sayektos nedahaken patuladhan kasetyan tuwin pambangun turut dhumateng Allah Rama dumugi pungkasan. Pramila minangka pandherekipun, mangga kita tansah nuladha Gusti Yesus ing salebeting gesang kita. Mekatena mangga kita sageda dados tuladha ingkang sae ing gesang padintenan. Satemah kawontenan kita saged dados sarana mujudaken kratoning Allah ing gesang punika. Amin. [wdp].
“Prakawis awon tetep awon sinaosa sadaya tiyang nglampahi. Prakawis becik tetep becik sinaosa sekedhik tiyang ingkang nglampahi.”