Seksi Kristus Pancaran Air Hidup 19 Maret 2026

19 March 2026

Waosan: Wahyu 10 : 1 – 11  |  Pamuji: KPJ. 384
Nats: “Aku tumuli nampani kitabe saka ing astane malaekat mau, banjur dakpangan: ana ing cangkemku rasane legi kaya madu, nanging sawuse dakpangan, wetengku krasa pait.” (Ayat 10)

Saking jaman para rasul, greja tansah netepi dhawuh Gusti Yesus, “Kowe bakal padha dadi seksi-Ku.” Dados seksi tegesipun nyekseni pakaryanipun Gusti, martosaken Injil, lan ngluhuraken asmanipun Gusti Yesus lumantar tembung lan laku gesang. Dados seksi Kristus punika nyariyosaken piwucalan Sang Kristus. Bab punika kalajengaken dados tradisi greja ingkang datan kendhat lan samangke kita dipun ajak nglajengaken. Saben tiyang pitados dipun utus dados seksi ing papan panggenanipun piyambak-piyambak. Wonten ing sejarah, kathah seksi iman ingkang setya, senadyan ngadhepi panyiksa lan pati. Punika ndadosaken kita enget, menawi dados seksi punika sanes padudoning pakurmatan, nanging pakaryan suci ingkang mbetahaken pangurbanan.

Wahyu 10:1–10 nyariyosaken pawiyatan simbolis nalika Rasul Yokanan ningali mlaekat agung nyepeng kitab alit saking swarga. Kitab punika dipun paringaken dhateng Yokanan, lan piyambakipun dipun prentah nedha kitab punika. Raosipun manis ing tutuk, nanging pait wonten ing madharan. Punika pralambang menawi sabdanipun Gusti punika bingahaken nalika dipun mirengaken, nanging awrat nalika dipun lampahi. Mila dados seksi ingkang pikantuk piwucalaning Gusti Yesus punika mboten gampil, kedah wonten pambudidaya, malah kadang ugi sampun mbudidaya taksih ngadepi kasangsaran. Nanging, Gusti ngutus supados Yokanan nedhahaken warta kabingahan punika dhateng maneka bangsa. Artosipun, sinaosa kabar kabingahan punika ewet dipun aturaken, ananging sabda punika kedah dipun wartosaken dhateng umat.

Samangke wekdaling mangsa Pekan Suci saya celak, wekdal punika dados wanci ingkang trep kangge nyawisaken manah kita. Kados dene Yokanan, kita ugi sumadya “Nedha kitab cilik” ingkang nggambaraken timbalan kangge ndherek Gusti kanthi lebet. Kita dipun ajak dados seksinipun Sang Kristus ing gesang kita. Paskah punika sanes namung panghargyan tata panembah, nanging timbalan gesang enggal. Srana sinau sabdanipun Gusti, mangga kita ndedonga kanthi tulus, mitulungi sesami, saha nyawisaken manah ingkang suci lan tulus. Nyambeti Pekan Suci,  mangga kita mboten namung nindakaken ritual kemawon, nanging ugi nggadhah tekad dados seksi kabingahan wungunipun Sang Kristus. Amin. [YOPI].

Sanguis martyrum est semen Christianorum:
Getihing para martir punika winih umating Kristus”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak