Takeran Pancaran Air Hidup 19 Januari 2023

19 January 2023

Waosan: Galatia 1 : 11 – 24 | Pamuji: KPJ. 188
Nats:Mung padha krungu, yen wong kang biyen nguya-uya wong-wong mau, saiki martakake iman kang biyen diarah sirnane.” (Ayat 23)

Manawi tiyang badhe nglamar pandamelan utawi daftar pendidikan ing perguruan tinggi biasanipun dipun suwuni syarat-syarat. Ing antawisipun serat SKCK (Surat Keterangan Catatan Kepolisian). Pranyata manawi tiyang punika nate nglampahi tindak kejahatan, naminipun badhe kacatet ing buku catatan kepolisian, lan mboten gampil pikantuk SKCK punika. Manawi wonten tumindak jahat ingkang kedadosan ing masyarakat, tiyang punika kalebet ingkang dipun awasi. Samanten ugi ing masyarakat, tiyang punika badhe dipun cap jahat, sinaosa sampun nglampahi paukuman ing pakunjaran lan sampun nedahaken ewah-ewahan boten jahat malih. Kawontenan punika kadosipun mboten adil.

Pranyata takeran kasaenaning tiyang ing donya punika benten kaliyan takeranipun Gusti. Sauger kita purun mratobat lan gesang laras kaliyan sabda pangandikanipun Gusti, mesthi kita badhe pikantuk pangapunten lan kapulihaken malih. Gusti Allah boten ngetang malih sepinten agenging dosa kita, ananging sepinten sih katresnan kita dhumateng Panjenenganipun lan sesami, punika ingkang kaetang. Mboten peduli sapinten agenging dosa kita, sauger kita purun wangsul dhumateng Gusti, kita badhe katampi lumebet ing kraton swarga. Sinau saking Rasul Paulus lumantar waosan kita ing Galatia 1:11-24. Sanadyan Rasul Paulus dipun enget pasamuwan namung tumindak jahatipun, ananging Rasul Paulus boten nglokro. Mataun-taun piyambakipun ngalembara dhateng Yerusalem, Arab, Damsyik, tanah Siria, lan Kilikia saperlu martosaken Injil, sinambi ngecakaken ing pigesanganipun. Kangge mbuktekaken dhateng pasamuwan bilih piyambakipun sampun ewah, estu-estu nderek Gusti lan dados abdinipun. Pranyata pangupadosipun Rasul Paulus ingkang dipun lampahi kanthi tulusing manah punika pikantuk hasil. Ing pungkasanipun pasamuwan Galatia mireng lan pitados bilih tiyang ingkang rumiyin nguya-uya, sak punika sampun mratobat lan martosaken Injilipun Gusti (Ay. 23). Sedaya punika awit berkahipun Gusti piyambak.

Sumangga kita gesang laras kaliyan sabda pangandikanipun Gusti. Kita cakaken sabda pangandika punika kanthi tulusing manah, nderek takeranipun Gusti. Boten perlu kuwatir, sinaosa kathah pacoben nempuh ing gesang kita, Gusti mesthi mitulungi lan paring kasuksesan ing gesang kita. Amin. [SW].

Takeran kang kanggo nenaker, yaiku kang bakal dianggo naker kowe.” (Mat 7:2b)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak