Santun Cahya Pancaran Air Hidup 19 Februari 2023

19 February 2023

Waosan: Matius 17 : 1 – 19 | Pamuji: KPJ. 431
Nats:Gusti Yesus banjur katon santun cahya ana ing ngarepe para sakabat mau, pasuryane mancorong kaya srengenge, sarta pangagemane putih sumorot kaya pepadhang.” (Ayat 2).

Ing salah satunggaling pasamuwan wonten pemuda ingkang penampilanipun tansah ketinggal sae. Ing salah satunggaling wekdal pemuda punika sengaja mboten nyukur brengos lan jenggotipun, saenggo ketingal langkung sepuh lan serem. Ananging wonten kedadosan ingkang aneh, wongsal-wangsul pemuda punika dipun dangu tiyang: ”Mas, sampean iki wajahe petheng, ning ulate kok padhang ya, apa sampean Kristen?” Mekaten pandangunipun. Pemuda punika lajeng wangsulan: ”Lho, penjenengan kok pirsa menawi kula Kristen, punapa titikanipun?”. Jawabipun tiyang punika: ”Wong Kristen ki ulate tansah padhang. Sanadyan akeh masalah nempuh ning tansah diadepi kanthi tatag. Mulane pasuryane ya tansah padhang.”

Nalikanipun Petrus, Yakobus, lan Yokanan sesarengan Gusti Yesus minggah ing redi ingkang inggil, ketiganipun pirsa lan ngraosaken kamulyanipun Gusti lumantar pasuryan lan agemanipun Gusti Yesus ingkang pethak memplak sumorot. Ketiganipun ngraosaken bagya ingkang mboten saged kagambaraken, saengga mboten purun nilar karaharjan punika, ketiganipun kepingin tetep ing papan punika sesarengan kaliyan Gusti Yesus (Ay. 5-6). Ananging Gusti Yesus mboten ngeparengaken bab punika. Pungkasanipun Gusti lan ketiganipun mandap saking redi punika pinanggih kaliyan para sakabad sanesipun lan Gusti Yesus nglajengaken pakaryanipun.

Gesang sesarengan Gusti sawetah kanthi tulusing manah, nuwuhaken karaharjan ageng ing manah lan pigesangan kita. Kados-kados sedaya samukawis kadonyan boten penting malih. Sanadyan, prasasat namung dahar sekul kaliyan sarem kemawon, punika kraos eco. Sedaya samukawis sampun kacawisaken Gusti kagem kita. Satemah sedayanipun kita raosaken sampun cekap. Kita namung kepingin tansah sesarengan kaliyan Gusti kemawon. Ananging katentreman lan karaharjan ingkang kita tampeni ing Gusti Yesus Kristus punika mboten kepareng kita darbeki piyambak. Sedaya punika kedah kita dum dhateng sesami kita, satemah kabagyan lan karaharjan kita saged sumrambah dhateng sesami lan langkung kathah tiyang ingkang saged ngraosaken kamulyanipun Allah ing pigesangipun. Minangka tiyang Kristen kita kedah saged santun cahya, nyunaraken kamulyanipun Gusti lumantar pasuryan, lan tingkah polah kita ing pigesangan sadinten-dinten, satemah sesami kita saged ningali bilih kita punika para kagunanipun Gusti. Amin. [SW].

Kula boten nyuwun bandha, tan nyuwun kadrajatan, kang kawula suwun namung kinanthia ing Tuwan.”
(Kipas 128:2)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak