Waosan: 2 Samuel 7 : 18 – 22 | Pamuji: KPJ. 222
Nats: “Pramila Paduka punika agung, dhuh Pangeran Yehuwah awit mboten wonten ingkang nyameni Paduka lan mboten wonten Allah sanesipun malih kajawi Paduka miturut sadaya ingkang kawula pirengaken srana kuping kawula.” (Ayat 22)
Wonten lare alit ingkang saweg ngrantos bapakipun wangsul saking kerja. Nanging anggenipun ngrantos, dipun sambi kaliyan resik-resik ruang tamu lan nyawisaken unjukan kangge bapakipun. Nalika bapakipun dugi, bapakipun dipun rangkul klayan bingah dening lare punika. Ngrantos punika mboten ateges mendel. Wonten bekti ing salebeting ngrantos, inggih punika tumindak nyata ingkang nedahaken raos tresna lan urmat dhumateng ingkang dipun rantos.
Ing waosan kita, Prabu Dawud nanggepi prasetyanipun Gusti Allah sarana ngasoraken dhiri lan kebak saos sokur. Samantunipun Gusti Allah paring prasetya bab tedhak turunipun Prabu Dawud lan keraton langgeng, Prabu Dawud sowan dhateng ngarsanipun Gusti Allah lan munjuk, “Kawula punika sinten, dhuh Pangeran Yehuwah ….” Punika pangaken minangka wujuding tiyang ingkang nepangi dhiri abdi ing ngarsanipun Gusti Allah. Prabu Dawud mboten ngegungaken dhiri, nanging ngasoraken dhiri, lan ngluhuraken Sang Yehuwah.
Kados dene Prabu Dawud ingkang ngrantos kawujuding prasetyanipun Gusti Allah, mekaten ugi kita samangke saweg ngrantos Sang Jati, Sang Masih klayan manah ingkang kebak raos urmat lan bekti. Mangsa Advent punika nggambaraken asoring manah lan pangajeng-ajeng ingkang aktif. Advent mboten namung wekdal kangge ngrantos pahargyan natal, nanging wekdal kangge kita nyawisaken manah, mapag rawuhipun Sang Kristus -Sang Jati- ing salebeting gesang kita. Kados dene Prabu Dawud, kita sami dipun ajak ngrantos, mboten kalih nggresula utawi gupuh, nanging klayan asoring manah lan tumindak bekti, kados ta leladi dhateng sesami, mangun gesang tentrem, lan gesang ing salebeting saos sokur. Ing satengahing brayat, kita saged nedahaken bekti kita lumantar gesang tulung-tinulung lan sami nggatosaken. Ing greja, kita saged ndherek leladi. Ing masyarakat, kita saged dados pepadhang srana tumindak lan pangucap kita. Sadaya punika minangka wujud nyata anggen kita ngrantos rawuhipun Gusti Yesus. Manah kita dipun kebaki raos tresna lan urmat dhumateng Gusti Allah ingkang setya. Amin. [nn].
“Ngrantos Gusti punika mboten namung mendel, nanging sujud ing salebete sokur lan tansah leladi klayan bekti ngantos kamulyan-Ipun nyata ing gesang kita.”