Manglung Marang Ngarep Pancaran Air Hidup 17 Oktober 2023

17 October 2023

Bacaan: Filipi 3 : 13 – 4 : 1 | Pujian: KPJ. 78
Nats: “Para sadulur, aku dhewe ora rumangsa manawa aku wus bisa nyekel, nanging iki kang daklakoni: kalawan nglalekake apa kang wus ana ing buriku lan manglung marang apa kang ana ing ngarepku, aku mburu marang tujuan supaya oleh ganjaran, yaiku timbalan kaswargan kang saka ing Gusti Allah ing sajrone Sang Kristus Yesus.” (Ayat 13-14)

Wekdal-wekdal punika kita asring mireng tembung flexing. Flexing punika padatan mameraken kasagedan, kasugihan, drajad, lan pangkat. Prekawis-prekawis ingkang mongkogaken manah punika lajeng dipun upload wonten ing media sosial, supados tiyang ingkang ningali lajeng ngalembana piyambakipun. Nanging kanyatanipun paja-paja dipun alem, nindakaken pamer punika malah dipun singkiri dening tiyang kathah. Tiyang ingkang nindakaken flexing punika mameraken kasagedan lan kasugihanipun namung kangge nutupi kakiranganipun.

Rasul Paulus estunipun kagungan kathah prekawis ngengingi kayahudianipun ingkang saged kaunggulaken. Wonten ing ayat 5-6, Paulus nyerat, “ditetaki ing dina kang kawolu, trahe bangsa Israel, saka taler Benyamin, wong Ibrani tulen, kawawas saka angger-anggering Toret aku wong Farisi, mungguhing kasregepan aku iki tukang nguya-uya pasamuwan, mungguhing kanyataan bab netepi angger-anggering Toret aku tanpa cacad.” Nanging prekawis-prekawis ingkang sewaunipun dados sumber kamongkokan tumraping Paulus, karana pitepanganipun kalian Gusti Yesus, sadaya punika lajeng kaanggep minangka sampah (Ay. 8). Rasul Paulus rumaos bilih punapa ingkang dipun tindakaken ing dinten-dinten kapengker punika prekawis ingkang lepat, boten pantes dipun unggulaken, mila lajeng dipun tilar, manglung dhateng punapa ingkang wonten ing ngajeng.

Nilar gesang lami, nuju dhateng gesang enggal, punika timbalan tumrap sadaya umat ingkang tinunggil wonten ing Sang Kristus. Prekawis dosa ingkang sampun kapungkuraken kedah katilar lajeng manglung dhateng prekawis kasaenan wonten ing ngajeng. Tumindak dosa kedahipun dipun singkiri, namung ngudi dhateng pangandikanipun Gusti. Kita kedah ngakeni bilih kadangkala malah kepara asring kita dhumawah ing dosa, lumebet wonten ing gesang lami. Dosa asring kabungkus kanthi kawontenan ingkang ngremenaken, punika ingkang ndadosaken kita remen gesang lami ing pamblithuking dosa. Menawi kita sampun tinunggil sesarengan kalian Gusti, mangga kita nurut, manut, ngener dhateng gesang ingkang sampun kaenggalaken. Amin. [ANS].

“Gesang tinunggil ing Gusti ndayani nilar gesang lami.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak