Wohing Gesang Pancaran Air Hidup 17 Maret 2026

17 March 2026

Waosan: Kolose 1 : 9 – 14  |  Pamuji: KPJ. 196
Nats: “… lan sajrone nindakake sakabehing panggawe becik bisa metokake woh, lan maneh saya mundhak murni kawruhmu ing bab Gusti Allah, …” (Ayat 10)

Kanggenipun para tani mangsa panen punika dados mangsa ingkang mbingahaken awit para tani saged metik asil anggenipun ngrimati tanemanipun. Pangajeng-ajengipun asil panen punika saged nyekapi kangge kabetahanipun olah tetanen, nyekapi kangge gesangipun lan brayatipun sadinten-dinten. Mila taneman ingkang ngedalaken woh punika saestu mbingahaken manah lan nentremaken batos. Kosokwangsulipun bilih taneman punika mboten woh, tamtu ndadosaken gelaning manah para tani punika. Mekaten ing lampah gesang kita minangka pandherekipun Gusti Yesus, Gusti Yesus ngersakaken gesang kita punika ngedalaken woh ingkang sae, ingkang saged dipun raosaken dening tiyang sanes.

Waosan ing wekdal punika nyerat layangipun rasul Paulus dhateng pasamuwan Kolose. Nalika semanten rasul Paulus nyerat layangipun saking penjara. Paulus ngiyataken pasamuwan Kolose supados waspada tumrap piwulang-piwulang blasar ingkang wonten ing satengah-tengahing pasamuwan. Ing perangan waosan kita, Rasul Paulus ngaturaken saos sokur dhumateng Gusti Allah Sang Rama tuwin Gusti Yesus. Piyambakipun tansah ndongakaken pasamuwan Kolose supados tanggon ngadhepi piwulang blasar. Ndongakaken supados iman lan katresnanipun warga pasamuwan Kolose tansaya tuwuh ngrembaka sarta ngedalaken woh ingkang sae. Mekaten ugi pangertosan bab Gusti Allah saged ndadosaken pasamuwan Kolose kiyat ngadhepi maneka werni pacoben lan panggodha. Pungkasanipun Paulus nyuwun supados pasamuwan Kolose dados pasamuwan ingkang tumemen ing Gusti sarta sabar anggenipun ngadhepi mawerni-werni karibetaning gesang.

Punapa ingkang dipun aturaken rasul Paulus dhateng pasamuwan Kolose punika saged dados pepenget kangge kita sadaya. 1. Kita kedah saos sokur ing sadengah kahanan. 2 Kita kedah kiyat ngadepi maneka warni panggodha. 3. Gesang kita kedah ngedalaken woh ingkang sae. Kanthi mekaten sadaya lampah gesang kita tansah nunggil Gusti sarta dipun kanthi dening Gusti. Mangga ing mangsa pra paskah punika, kita saged ngedalaken woh-wohaning gesang ingkang sae, ingkang saged dipun raosaken tiyang sanes, saha dados berkah salebeting gesang. Mangga nindakaken gesang ingkang nuwuhaken woh katresnan, woh kasabaran, woh kaadilan, lsp. Gusti tansah mitulungi lan mberkahi kita. Amin. [AR].

“Wohing gesang kita ingkang sae punika saged dados berkah kangge sesami.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak