Waosan: Yesaya 44 : 9 – 17 | Pamuji: KPJ. 123
Nats: “Wong kang gawe reca iku kabeh tanpa guna, sarta barang-barang kang disenengi iku ora ana paedahe. Kang nyembah reca iku padha ora ndeleng lan ora sumurup apa-apa, mulane bakal padha kawirangan.” (Ayat 9)
Ing lampah gesang kita sadinten-dinten, kita mbetahaken gondhelan ingkang kukuh supados gesang kita karaos ayem tentrem. Ananging, kadangkala gondhelan gesang kalawau mawujud dados brahala ing gesang kita. Contonipun kados: kalenggahan, bondo ndonya, kapinteran, lsp. Sanadyan sadaya punika saged paring wangsulan tumrap sadaya kahanan lan kabetahan gesang kita ananging menawi kita mboten waspada, sadaya gondhelan punika malah ndadosaken sesambetan kita kaliyan Gusti Allah malah sansaya tebih.
Nabi Yesaya paring pameca tumrap bangsa Israel ingkang pitados dhateng kakuwataning reca. Sejatosipun reca punika kacipta dening tanganing manungsa, mboten nggadhahi daya kakiyatan, mboten saged ningali, mirengaken, ngraosaken, punapa malih badhe paring kawilujengan dhateng manungsa. Pitakenanipun, lajeng kenging punapa dipun sembah? Kangge nabi Yesaya, tiyang ingkang nyembah reca punika tiyang ingkang mboten wicaksana awit nyembah titahipun piyambak. Pramila sok sintena tiyang ingkang nyembah reca punika sejatosipun mboten wonten ginanipun awit piyambakipun mboten pitados dhumateng Gusti Allah. Miturut nabi Yesaya, ingkang kedah dipun sembah manungsa punika namung Gusti Allah ingkang nitahaken jagad raya lan saisinipun. Namung Gusti Allah ingkang ngrimati lan paring kawilujengan dhateng sadaya titah-Ipun.
Dhawuhipun Gusti lumantar nabi Yesaya dinten punika dados pangatag lan pepenget kangge kita sadaya, sampun ngantos kita minangka umatipun Gusti kecalan kawicaksanan lan nyembah brahala. Sumangga kita niti priksa gesang kita, punapa kita taksih ngandelaken Gusti, punapa kita malah ngandelaken brahala ingkang mawujud kasugihan, kapintenan, kalenggahan kita? Saking ngriki, kita kedah mbikak manah lan pikiran kita, nyenyuwun kakiyatan lan kawicaksanan dhumateng Gusti supados kita dipun tebihaken saking mawarni-warni goda rencana ingkang saged ngrisak lan nebihaken sesambetan kita kaliyan Gusti. Mangga kita tansah pitados namung dhumateng Gusti Allah, awit namung Gusti Allah ingkang dados gondhelaning gesang kita ingkang sejati. Amin. [RAL].
“Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe.”