Iman Kapitadosan Pancaran Air Hidup 17 Januari 2023

17 January 2023

Waosan: Ibrani 10 : 1 – 4 | Pamuji: KPJ. 67
Nats:Ing sajroning angger-anggering Toret iku mung kamot wewayangan bae bab karahayon kang bakal ana, sarta dudu wujuding karahayon iku dhewe. Marga saka iku kalawan kurban kang padha, kang saben taun lumintu dikurbanake, angger-anggering Toret ora bakal gawe sampurnane wong kang padha nindakake.” (Ayat 1)

Wonten ing satengahing gesang kita sedaya tamtu nate mireng tetembungan ingkang mekaten “Dados tiyang Kristen kedah nggadhahi pangajeng-ajeng nampi kawilujengan lumantar gesang ingkang paham Kitab Suci, saben dinten wonten greja, lan tansah paring pisungsung ingkang kathah.” Punapa leres mekaten bilih badhe nampi kawilujengan saking Gusti?

Saking waosan dinten punika, kita kedah mangertosi bilih kitab Ibrani punika dipun serat kagem tiyang Kristen ingkang taksih ngugemi tradisi Yahudi. Ananging saking waosan kita, Kitab Suci paring piwulang bilih namung nindakaken angger-anggering Toret boten saged dadosaken gesang kita badhe nampi kawilujengan saking Gusti. Mekaten ugi kurban obaran mboten saged mbirat dosa lan kalepataning manungsa. Pangapuntening dosa saha kawilujengan punika namung saged kalampahan srana iman kapitadosan wonten ing Asmanipun Gusti Yesus Kristus. Gusti ingkang sampun seda sinalib punika sampun paring pangapunten lan nebus sedaya dosa saha kalepatan manungsa. Sedanipun Gusti punika dados kurban ingkang sampurna lan dados margining manungsa saged sowan wonten ing ngarsanipun Allah Sang Rama.

Kagem tiyang Kristen, Gusti Yesus Kristus punika dados Imam ingkang Agung lan dados sumbering kawilujengan. Pangabekti utawi ritual punika sarana kangge kita namembah lan rumaket dhumateng Gusti. Mekatena ugi kita kedah gadhah iman kapitadosan wonten ing Asmanipun Gusti Yesus Kristus. Iman kita punika iman ingkang aktif, inggih punika iman ingkang kalajengaken ing tumindak gesang. Wujud anggen kita pitados dhumateng Gusti Yesus punika kawujud ing pangucap, sikap lan tumindak kita sadinten-dinten. Bilih kita pitados Gusti Yesus punika nresnani kita manungsa, kita ugi kedah nresnani sesami kita. Sarana punika, iman kapitadosan kita dhumateng Gusti Allah, sansaya tuwuh lan ngrembaka awit iman kapitadosan kita tansah kawujud ing gesang padintenan. Payo kita sami nuwuhaken iman kapitadosan kita sarana gesang ingkang kebak ing katresnan dhumateng Gusti lan sesami. Amin. [AA].

Gusti iku cedhak tanpa senggolan, adoh tanpa wangenan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak