Waosan: Pangentasan 19 : 10 – 25 | Pamuji: KPJ. 107
Nats: “Kacarita bareng dina kang katelune ing wayah bangun esuk, ing gunung ana gludhug lan bledheg sarta mendhung kang kandel, apadene swaraning kalasangka kang banter banget, temahan wong kang ana ing tarub padha giris kabeh.” (Ayat 16)
Sinten ingkang nate ngraosaken gumeter amargi kaget utawi amargi kaweden wonten ing gesangipun? Tamtu kita nate ngraosaken salah satunggaling raos gumeter punika. Nalika kita ngraosaken gumeter, kadang kala ndadosaken suku kita boten saged ngadeg jejeg lan manah kita ndredeg. Tiyang ingkang tumindak jahat, lajeng katangkep polisi, piyambakipun ugi gumeter nalika dipun adili dan nampi paukuman penjara. Anak ingkang kepanggih ngapusi tiyang sepuhipun ugi gumeter nalika tiyang sepuhipun mangertos anakipun punika sampun ngapusi piyambakipun.
Raos gumeter punika ugi dipun raosaken dening bangsa Israel ingkang kala semanten dipun pimpin dening Musa. Nalika bangsa Israel medal saking Mesir, Gusti Allah piyambak ingkang tumedhak wonten ing satengahing bangsa Israel. Pratanda tumedhakipun Gusti Allah, nalika bangsa Israel wonten ing redi Sinai inggih punika gludhug lan bledheg, mendung ingkang kandel, sarta wonten swantenipun kalasangka ingkang banter sanget. Tamtu prastawa ingkang kados mekaten punika dereng nate dipun alami bangsa Israel, karana punika bangsa Israel sami gumeter wonten ing ngarsanipun Gusti Allah. Kanggenipun bangsa Israel, pratanda punika ngemutaken lan paring piwulang bilih Gusti Allah punika Mahakuwaos. Gusti Allah punika boten wonten ingkang saged nandhingi, punapa malih bilih dipun sandhingaken kaliyan brahala ingkang dipun sembah dening bangsa Israel.
Saking reraosan punika, kita saged sinau bilih wonten ing satengahing gesang kita ing donya punika, kita kedah tundhuk dhumateng Gusti Allah. Gusti Allah Sang Rama punika ingkang dados Juru Wilujeng kita. Pranyata salebeting gesang kita sadinten-dinten, kita saged nyekseni pakaryanipun Gusti Allah ing gesang kita. Contonipun: saben dinten kita tansah dipun cekapi, dipun berkahi, dipun rimati, saha dipun kanthi. Karana punika mangga kita tansah mbangun turut Gusti ing lampah gesang kita. Kita tansah gumeter namung dhumateng Gusti, sarana gumeter kita badhe ajrih bilih tumindak jahat lan dosa. Lan kita tansah nyelak dhumateng Gusti. Mugi kita sami gumeter ing ngarsanipun Gusti lan pitados dhumateng sedaya panguwaosipun ingkang ngedap-edapi. Amin. [AA].
“Urip iku saka Pangeran, bali marang Pangeran