Waosan: Jabur 80 : 1 – 8 ǀ Pamuji: KPJ. 191
Nats: “Dhuh Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, kawula mugi sami Paduka pulihaken, mugi karsaa nyunaraken wadana Paduka, temah kawula sami manggih wilujeng.” (Ayat 8)
Mike Tyson, petinju kelas berat ingkang kondang nate dipun kinujara krana dipun tuduh ngrudapeksa, ugi kecanduan narkoba tahun 2003. Piyambakipun bangkrut lan kedah nyaur utang ingkang ageng cacahipun. Mike Tyson ngakimi diripun piyambak punika kados “sampah”, gesangipun kebak ing reribad, ugi rumaos isin tumrap gesang ingkang dipun lampahi. Mike Tyson mboten saged ngawonaken kahanan ingkang nempuh ing gesangipun.
Juru Mazmur ugi ngalami prastawa ingkang mrihatosaken, kados-kadosipun gesang ingkang dipun lampahi punika kebak ing reribed. Lajeng tuwuh pitakenan salebeting manahipun, “Ing pundi Gusti Allah nalika piyambakipun nandang kasangsaran?” Wondene Juru Mazmur taksih kagungan piandel ingkang kiyat, inggih punika pangajeng-pangajeng tumrap pitulunganipun Gusti Allah.
Lumebet ing Minggu Adven samangke, ing antawis kita taksih kathah ingkang saweg nandang reribed, kuciwa, sae ing gesang bebrayatan, padamelan, lan sak panunggalanipun. Sampun ngantos kita kados Mike Tyson ingkang kecalan pangajeng-ajeng, ngrisak gesang kita piyambak. Sumangga nuladha saking Juru Mazmur punika, ing satengah-tengah panandang, kita tetep setya, kukuh ing pangajeng-ajeng bilih Gusti tansah mitulungi kita, satemah gesang kita nemahi karahayon. Mboten wonten malih pitulungan ingkang saged nguwalaken kita saking panandang kejawi Gusti Yesus Kristus. Gesanging manungsa tansah gilir gumantos, prayogi nalika kita nampi pepalang lan rubeda, kita mboten namung nggresah, maelu lan cupet ing nalar, lajeng nglokro lan nyalahaken liyan lan kahanan. Wekdal punika, kita dipun ajak tansah pitados bilih Gusti Allah nunggil dan paring pitulungan dhateng kita. Sumangga kita sami nindakaken pigesangan kita kanthi sabar, temen-temen, lan tatag, karana kasetyanipun Gusti Allah punika mboten ewah gingsir. Gusti Allah pirsa kahanan kita lan mboten badhe negakaken kita sami. Amin. [JAPRI].
“Gusti Yesus mugi melasi kula, Gusti Yesus mugi nuntuna kawula. Amin.”