Diberkahi Supados Dados Berkah Renungan Harian 17 Desember 2019

17 December 2019

Waosan  : Yehezkiel 47 : 1 – 12|   Pamuji  : KPJ. 170 : 1,2,3
Nats
: “… satemah menyang ngendi bae iline kali iku, sakehing makhluk kang urip kang kumroyok ana ing kono bakal urip.” (ay. 9)

Nalika kita nindakaken pangabekti ing greja, ing pungkasan pangabekti, pelados/pendita  ngangkat astanipun saperlu atur berkah dateng pasamuan. Berkah arupi sih rahmat lan tentrem rahayu ingkang pinangkanipun saking Gusti Allah, Gusti Yesus Kristus lan Sang Roh Suci. Pengajeng-ajengipun, warga pasamuan ingkang nampi berkah kalawau ngraosaken sih rahmat lan tentrem rahayu ingkang nyata ing gesangipun.

Ingkang dipun wastani berkahipun Gusti Allah punika boten saged dietang sacara ukuraning manungsa. Kenging menapa? Awit berkahipun Gusti Allah tansah luber, boten kenging kaetang sacara “matematika”. Kanggenipun manungsa  ingkang ngandelaken kasagedan lan kakiyatanipun piyambak, asring rumaos kuatos lan ajrih kekirangan, kados-kados punapa ingkang dipun gadhahi boten cekap kangge kabetahan gesang. Nanging benten kaliyan tiyang ingkang ngandelaken Gusti Allah, piyambakipun pitados bilih Gusti Allah tansah nganthi, ngrimati lan mberkahi gesangipun. Punapa ingkang dados kabetahan gesangipun tansah kacekapan. Piyambakipun kebak saos sukur lan tansah andum berkah dateng sesaminipun.

Ing waosan kita, Nabi Yehezkiel ing paningalipun, ningali wonten lepen panguripan ingkang toyanipun mili saking Padaleman Suci. Lepen punika maringi gesang lan kasuburan dateng sedaya tetanduran ingkang dipun lewati. Kathah ulam ingkang gesang ing salebeting lepen menika. Ing pundi kemawon toyo lepen punika mili, dadosaken gesang ingkang binerkahan lan dados sarana kasarasan kangge tiyang ingkang sakit.

Gusti Allah ugi ngersakaken gesang kita kados lepen saking padaleman suci menika. Tegesipun lumantar pangucap, sikap lan tumindak gesang kita, tiyang sanes saged ngraosaken berkahipun Gusti Allah. Kita dados talanging berkah kangge sesami. Pramila derek Gusti Yesus boten namung nyuwun berkah ananging ugi kedah dados berkah. Mangga kita tansah rumaket ing Gusti, tansah ngupados Kratoning Allah, sarta kita sumadya andum berkah dateng sesami. (AR).

“Payo sami dados talanging berkah kangge sesami!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak