Pangandel Pancaran Air Hidup 17 April 2023

17 April 2023

Waosan: Para Hakim 6 : 36 – 40 ǀ Pamuji: KPJ. 106 : 1, 2, 3
Nats:Mugi sampun ngantos mulad-mulad bebendu Paduka dhateng kawula, manawi kawula taksih munjuk sepisan malih, namung sapisan punika kemawon ….” (Ayat 39)

“Amung kumandel iku, uwiting karosanku. Amung kumandel iku, etuking kraharjanku.” Tetembungan kidung punika nedahaken bilih pangandel dhumateng Gusti Allah dados sangunipun manungsa ing sauruting mangsa gesangipun. Tanpa pangandel dhumateng Allah, manungsa nemahi tiwas lan dhawah.

Gidheon punika salah satunggaling hakim ingkang saestu kumandel dhumateng Gusti Allah. Menawi kita maos cariyosipun Gidheon saderengipun ayat 36, cetha bilih Malaekatipun Pangeran Yehuwah nimbali Gidheon, lumantar karosanipun Gidheon dipun utus ngluwari bangsa Israel saking pangrehipun bangsa Midian. Ing wiwitan timbalanipun, Gidheon boten pitados bilih Sang Yehuwah karenan ngagem karosanipun kangge ngluwari bangsa Israel saking bangsa Midian. Raos punika tuwuh awit Gidheon punika kalebet ing gotrahipun taler Manasye ingkang paling alit lan piyambakipun paling anem sasedherek. Saking bab punika, Sang Yehuwah ngantebaken Gidheon bilih lumantar karosanipun bangsa Midian bakal diasorake nganti tapis. Sanadyan Sang Yehuwah sampun ngantebaken Gidheon, Gidheon taksih rumaos awrat. Pramila piyambakipun nyuwun pratandha supados raos awrat kalawau sirna. Sang Yehuwah myarsakaken panyuwunipun Gidheon lan maringi pratandha. Rupinipun, boten namung sepisan Gidheon nyuwun pratandha. Ing waosan kita, ayat 36 ngantos 40, Gidheon nyuwun pratandha malih ngantos ambal kaping tiga, senadyan piyambakipun sampun kapenuhan dening Rohing Sang Yehuwah. Mbok bilih Gidheon ngrumaosi lan kuwatos bilih Sang Yehuwah duka awit panyuwunipun. Pramila ing ayat 39, Gidheon munjuk: “Mugi sampun ngantos mulad-mulad bebendu Paduka dhateng kawula, manawi kawula taksih munjuk sepisan malih, namung sapisan punika kemawon….” Sang Yehuwah myarsakaken panyuwunipun Gidheon lan punika nedahaken bilih Sang Yehuwah saestu karenan ngagem Gidheon kangge ngluwari bangsa Israel.

Pelajaran ingkang kita pethik saking Gidheon inggih punika bab anggenipun saestu kumandel dhumateng karosanipun Sang Yehuwah. Sanadyan Gidheon kasebat rosa dening Sang Yehuwah, boten damel Gidheon adigung. Karosanipun Gidheon saestu tambah kiyat awit piyambakipun ngandelaken lan ngakeni karosanipun Sang Yehuwah. Sakiyat-kiyatipun manungsa, menawi boten ngandelaken lan ngakeni karosanipun Gusti Allah, pungkasanipun manungsa tamtu dhawah. Amin. [dix].

“Amung kumandel iku, uwiting karosanku”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak