Waosan : Lukas 2 : 41 – 52 | Pamuji : KPJ 441
Nats : “Bareng ora ketemu, banjur padha bali menyang Yerusalem karo nggoleki terus. [ayat 45]
Sarampunge maca Kitab Suci wacan dina iki, si ragil matur, “Bu, yen aku ilang, apa ya Ibu nggoleki aku?” Lajeng Ibu ngandika, “Ya mesthi to ndhuk.” Pancen mboten wonten tiyang sepuh limrah ingkang pengen kecalan putranipun. Ugi mboten wonten tiyang sepuh ingkang mboten sedhih lan bingung bilih putranipun ical. Sae anak menika anak pupon, anak normal, lan langkung malih bilih anak ingkang sampun dangu anggenipun diangenangen, mesti tiyang sepuh sanget anggenipun kecalan. Kadosdene Rama Yusuf lan Ibu Maria ugi ngraosaken kecalan.
Nalika semanten riyadin Paskah mesti rame, t iyang saking pundi-pundi sami nyengkuyung. Sabibaripun acara, mestinipun sami kondur sesarengan. Sedinten mlampah, Rama Yusuf lan Ibu Maria kadosipun radi lena lan nembe sadar bilih Sang Putera mboten wonten ing antarane rombongan keluarga. Nanging sang Rama lan Ibu nggadahi pengajengajeng bilih Sang Putera saged pinanggih. Mila “banjur padha bali menyang Yerusalem karo nggoleki terus.” (ay. 45). Dipunpadosi ngantos tigang dinten dangunipun. Lajeng saged kepanggih ing Pedaleman Suci nembe makempal kaliyan para alim ulama. Raos kuatir kagantosaken raos lega lan bingah lan enggal ngajak Sang Putera kondur ing Nazaret.
Menika hasilipun bilih tiyang sepuh ingkang kagungan pengajeng-ajeng kang luhur. Langkung malih kita, tiyang pitados ing asmane Sang Kristus, ingkang namung gondhelan ing Asmanipun kang suci. Tiyang ingkang saestu pitados boten badhe gampil nglokro lan mupus, nanging kebak ing pengajeng-ajeng bilih Gusti ingkang maha Luhur badhe paring kekiyatan. Langkung malih bilih kita eneraken gesang kita menika dados sarana paseksi bab kaluhuran Asmane Pangeran.
Ibu banjur ngandika, “Saben wong tuwa sing diparingi momongan mesti ngupayaake apa wae kanggo si Bocah. Sakisone lan sakuwate. Kuwi mau dadi wujud timbalan wujuding paseksi kang nyata. Paseksi kuwi kudu diwujudakne, yen ora jenengan mung dibathin.” Amin [jarwi]
“Timbalan nggiyaraken paseksi iku kudu diwujudake”