Waosan: Wulang Bebasan 11 : 23 – 30 │ Pamuji: KPJ. 427
Nats: “Pituwase wong bener iku wit panguripan, sarta sapa kang wicaksana iku bisa narik atine wong.” (Ayat 30)
Kita mesthi nate mireng paribasan “becik ketitik ala ketara”. Artosipun tembung punika: tiyang ingkang nglampahi tumindhak becik bakal kabukti nanging tiyang ingkang nglampahi tumindhak ala bakal konangan. Bilih kita mireng paribasan punika, kita dipun ajak nglampahi tumindhak becik karana asilipun bakal becik, mboten namung kangge dhiri kita piyambak nanging kangge sesami kita. Nanging kasunyatanipun, tiyang ingkang ngupadi kasaenan ing gesangipun punika dereng tamtu nampi kasaenan ugi. Kadang kala tiyang punika malah nampi piwales ingkang awon. Contonipun: dipun anggep mboten penting, dipun pandeng pados validasi utawi pangaken dhiri, lsp. Karana bab punika, kathah tiyang ingkang mboten nglampahi malih kasaenan ing gesangipun, malah-malah langkung miji gesang ingkang cuek, apatis, lan laku gesang ingkang tebih saking karsanipun Gusti.
Waosan kita saking Wulang Bebasan 11:23-30 punika paring piwucal kangge kita bilih sinten ingkang andhum berkah, ngupaya kabecikan, gesangipun bener wonten ing ngarsanipun Gusti badhe pikantuk kabegjan lan kaluberan. Nanging sinten ingkang nglampahi tumindak ala, ngandelaken kasugihan, ngisruh marang brayatipun (Ay. 28-29), piyambakipun badhe ambruk lan gesangipun nekakaken bebendu (Ay. 23). Saben tiyang saged nglampahi kabecikan karana gesang lan imanipun ngoyot dhumateng Gusti. Gusti Allah ngandika, “Apa kang koktindakake iku tindakna kalawan terus ing batin kayadene kagem Gusti, ora kanggo manungsa.” (Kol. 3:23). Gesang ingkang ngupadi kabecikan punika nedhahaken kasetyan lan andhap asoring manah kangge dipun tuntun dening Gusti.
Sumangga kita mboten bosen kangge nglampahi gesang ingkang kebak kasetyan lan kabecikan. Kita pitados, Gusti Allah tansah paring kakiyatan lan kasantosan ing pigesangan kita. Satemah gesang kita saged dados wit panguripan, dados berkah kangge sesami. Mangga kita saged migunani lan dados tuladha kangge sesami kita. Kita nglampahi gesang kita ing pepadhanging Gusti, satemah gesang kita tansah dipun tuntun lan dipun kanthi dening Gusti. Gusti tansah mberkahi kita. Amin. [GEA].
“Pituwase wong bener iku wit panguripan, sarta sapa kang wicaksana iku bisa narik atine wong.”