Waosan: Jabur 67 : 1 – 8 | Pamuji: KPJ. 176
Nats: “Para suku bangsa mugi sami sukarenaa, tuwin surak-suraka, amargi Paduka ngereh para bangsa kanthi adil, lan para suku bangsa ing salumahing bumi sami Paduka tuntun.” (Ayat 5)
Salah satunggaling ciri tiyang ingkang sehat jasmani lan rohani inggih punika saged saos sokur. Saos sokur punika sanes karana manungsa ngraosaken berkah kemawon nanging saged mangertosi lumantar sadaya prekawis lan awrating gesang, piyambakipun taksih saged ningali lan ngraosaken kasaenan lan katresnanipun Gusti Allah tumrap gesangipun. Kitab Suci sampun nyerat bilih gesangipun tiyang pitados punika kedah saos sukur. Saos sokur wonten ing sadaya kahanan: bingah, sisah, sukses, gagal, sehat, sakit. Gesang ing jaman digital lan modern asring mandheng popularitas lan pencapaian, satemah kathah tiyang ingkang mboten saged ningali prekawis alit ingkang sejatosipun berkah kangge piyambakipun. Kados ta badan ingkang sehat, pikiran ingkang waras, saged dhahar saben dinten, saged nyambut damel, lan sanes-sanesipun.
Sabdanipun Gusti ingkang kaserat ing Jabur 67:1-8 ngajak kita ningali lan ngraosaken pakaryan lan tresnanipun Gusti Allah dhateng kita. Gusti Allah tansah mberkahi gesang kita, sarta ngersakaken gesang kita kebak ing kasantosan. Wonten ing ayat 5, Juru Mazmur nedahaken bab ingkang wigati inggih punika Gusti Allah mimpin bangsa-bangsa klayan adil lan mbimbing bangsa-bangsa punika supados gesangipun harmonis. Donya ingkang risak lan kathah cecongkrahan punika mbetahaken tiyang-tiyang ingkang saged mangun gesang adil, ing pundi pangucap sokuripun saged paring pengaruh ingkang sae kangge tiyang sanesipun. Bab punika saged nuwuhaken empati, suka bingah, lan gesang ingkang harmonis.
Lumantar Sabdanipun Gusti ing dinten punika, kita sesarengan dipun engetaken bilih pigesangan kita mboten namung wicanten bab tanggon kemawon, nanging punapa ingkang kedadosan ing gesang kita punika, sadayanipun sampun dipun tata dening Gusti kanthi adil. Pramila sumangga kita wujudaken saos sokur kita dhumateng Gusti, ing salebeting gesang bebrayatan, pandamelan, lan peladosan kita mawi cara mitulungi sesami lan njejegaken kaadilan. Saben lampah gesang kita ingkang kawiwitan saking manah ingkang tulus saged dados berkah kangge sesami, satemah gesang kita saged dados paseksi iman ingkang dipun tingali lan dipun raosaken kaliyan sesami. Amin. [GEA].
“Padha saosa puji sokur marang Sang Yehuwah, awitdene Panjenengane iku sae!”