Waosan : Yokanan 6 : 52 – 59 | Pamuji : KPJ. 147 : 1 – 2
Nats: “Sapa wong kang mangan dagingKu lan ngombe getihKu, iku nduweni urip langgeng, sarta Aku kang bakal nangekake besuk ing dina wekasaning zaman.” (Ayat 54).
Kabethaning tiyang gesang ing donya punika bilih dipun etang cacahipun kathah sanget. Nanging saking sedaya kabetahan gesang ing donya, tetedan lan omben ingkang arupi sekul lan toya punika ingkang utami dipun betahaken manungsa kangge nglajengaken gesang. Awit karbohidrat saking sekul lan oksigen saking toya dipun betahaken manungsa kangge sumber tenaga anggenipun nindakaken pakaryan lan aktivitas gesang. Kandungan vitamin ugi dipun betahaken manungsa kangge kesehatanipun. Sedinten tiyang saged nedha sekul antawis 2 – 3 porsi lan mbetahaken 8 gelas toya. Kados dene sekul lan toya ingkang dados kabetahan utami tiyang Indonesia, roti ugi dados tetedan ingkang utami kangge tiyang Yahudi. Gesangipun saben dinten tiyang Yahudi mbetahaken roti.
Kangge nglajengaken gesang ing donya, manungsa mboten namung kedah sehat sacara jasmani kemawon ananging ugi kedah sehat sacara karohanen. Bilih tetedan lan omben punika dados sumbering sehat secara kajasmanen, pracaya lan ndherek Gusti Yesus punika dados sumbering kawilujengan secara karohanen (iman). Kados ingkang kadawuhaken ing Injil Yokanan 6:53, “Gusti Yesus ngandika marang wong-wong mau: Satemen-temene pituturKu marang kowe: Manawa kowe ora mangan daginge putrane Manungsa lan ora ngombe getihe mesthi ora padha kadunungan urip.” Dhawuh pangandika Gusti Yesus punika nedahaken bilih kabetahanipun manungsa anggenipun gesang ing ndonya ngantos gesang langgeng, namung gumantung lan pitados dhumateng Gusti Yesus Kristus.
Bilih Gusti sampun nyawisaken kabetahaning manungsa kangge gesang ing donya ngantos gesang langgeng, punapa malih ingkang kita padosi. Sumangga, kita tansah ngupadi nglampahi dhawuh pangandikanipun Gusti. Kadosdene saben dinten kita mbetahaken tetedhan lan omben, semanten ugi kita tansah mbetahaken Gusti ing satengah pakaryan, brayat, kabingahan, lan nalika kita nandang momotan utawi pacoben. Awit namung gumantung kalian Gusti, kita saged ngraosaken gesang santosa lan wilujeng ing donya lan ing swarga, sarta saged kiyat ngadhepi sedaya prekawis gesang ing donya punika. (Ry).
“Namung Gusti kabetahan gesang kula ingkang utami.”