Tunggal Rasa Pancaran Air Hidup 13 Maret 2023

13 March 2023

Waosan: Purwaning Dumadi 24 : 1 – 27 │ Pamuji: KPJ. 357
Nats:Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun bendara kawula Abraham, ing dinten punika kawula mugi Paduka parengaken saged ngrampungi damel, sarta mugi karsaa paring sih kamirahan dhateng bendara kawula Abraham.“ (Ayat 12)

Ing GKJW wonten pokja Tanggul Bencana ingkang tugasipun mranata kegiatan tanggap bencana ing wilayah GKJW ingkang ngalami musibah. Tugas punika katindakaken sarana mbantu tenaga, ing pundi para relawan sami nulungi para korban bencana, mbantu nyaluraken materi/ arta saking pasamuwan-pasamuwan sanes kangge kacekapan kabetahan para sedherek ingkang ngalami musibah. Sedaya punika dipun tindakaken adedasar raos solidaritas dan kamanungsan.

Dados tugas lan tanggel jawabipun Eliezer madosaken garwa kangge Ishak. Tugas punika saestu awrat lan ewet, nanging Eliezer saged ngayahi tugas punika ngantos rampung lan cocok kaliyan pangajeng-ajengipun Abraham. Punapa ingkang dados landesan prinsip kanggenipun Eliezer? Sepisan, Eliezer rumaos ndherek manggul tanggel jawab kangge dinten ngajeng bangsa Israel, kados dene ingkang dipun raosaken dening Bapa Abraham. Piyambakipun boten namung batur ingkang saderma nindakaken ayahan, nanging langkung saking punika. Eliezer peduli kangge nyekapi punapa ingkang dados kabetahan bendaranipun Abraham. Punika mbuktekaken bilih Elezer nggadhahi raos solidaritas ingkang ageng dhateng Abraham. Solidaritas punika mujudaken sipat satunggal raos, tunggil nasib lan raos setya dhateng kanca. Kaping kalih, wonten kakiyatan sanes ingkang dipun gadhahi Eliezer, malahan langkung wigati, inggih punika kapracayan ingkang ageng dhumateng Gusti Allah. Eliezer boten mlampah kanthi kakiyatan kamanungsanipun piyambak. Eliezer tansah enget bilih kamanungsanipun punika ringkih, pramila piyambakipun namung sumende dhumateng Gusti Allah.

Solidaritas dados prekawis penting ing pigesangan, kangge mujudaken raos paseduluran ingkang raket. Nanging sampun klentu, kadosdene ingkang asring kelampahan ing gesang padintenan, atas nami solidaritas wonten sawetawis tiyang ingkang nindakaken prekawis ala. Kanggenipun tiyang pitados bab solidaritas saestu wigati kangge ngupadi gesang ingkang kebak raos paseduluran kangge sintena kemawon. Kanggenipun para pitados kapracayan dhumateng Gusti Allah kedah dados dilah, supados saged milah lan milih, matemah solidaritas ingkang kita tindakaken saged mujudaken karahayon kangge tiyang kathah. Amin. [ES].

“Kita mesti sinau urip bebarengan minangka sadulur utawa rusak bebarengan minangka wong bodho.”
-Martin Luther King, Jr.-

Renungan Harian

Renungan Harian Anak