Waosan: Jabur 146 : 5 – 10 | Pamuji: KPJ. 136
Nats: “Pangeran Yehuwah iku jumeneng raja ing salawase, Allahmu, he Sion, turun-tumurun. Haleluya!” (Ayat 10)
Nalika taksih alit, kula nggadhah hiasan dinding saking bahan bludru cemeng lan wonten tulisanipun warni emas kanthi irah-irahan “Pangandelmu kang mitulungi kowe”. Tulisan punika tansah kula eling-eling ngantos dewasa. Tulisan punika ugi ndadosaken pitakenan ing gesang kula, “Pangandel ingkang kados pundi ingkang saged mitulungi kula? Pangandel dhumateng sinten ingkang saged ndadosaken kawilujengan ing satengahing gesang kula?” Menawi dipun raosaken bilih kita ngandelaken dhiri kita piyambak, mboten badhe jamin kita saged ngraosaken kawilujengan lan pitulungan, awit manungsa punika winates lan mboten sampurna. Punapa malih bilih kita ngandelaken tiyang sanes ingkang ugi taksih manungsa, mesti mokal badhe nampi kawilujengan. Namung ingkang mboten winates, ingkang kagungan pangwaos, punika ingkang saged ngluwari kita saking duraka, inggih punika namung Gusti Allah ingkang nitahaken jagad raya.
Mazmur 146:5-10 ngengetaken kita bilih saestu begja tiyang ingkang ngandelaken Gusti Allah. Awit Gusti Allah piyambak ingkang kagungan panguwaos lan saged ngiyataken kita ngadepi sadayanipun pambengan ing gesang padintenan. Gusti Allah piyambak ingkang badhe paring keadilan dhateng tiyang ingkang dipun peres ugi dipun aniaya. Gusti Allah tansah paring berkah dhateng tiyang ingkang keluwen. Gusti Allah karsa paring kasarasan dhateng tiyang ingkang sakit. Gusti Allah tansah ngrimati tiyang ingkang kacingkrangan. Gusti Allah tansah nganthi umat-Ipun.
Mirsani sadaya panguwaosipun Gusti Allah ingkang mboten winates, saestu pantes bilih kita punika masrahaken gesang kita lan nggadhahi pangajeng-ajeng dhumateng Gusti Allah. Awit namung Gusti Allah ingkang jumeneng Ratu ing setengahing pigesangan kita. Sampun ngantos kita ngraosaken cuwa ing manah, ananging kedahipun gesang kita kebak saos sokur dhumateng Gusti. Mangga kita tansah setya tuhu lan kiyat anggenipun cepengan Gusti Allah. Sampun ngantos kita ngandelaken kakiyatan kamanungsan kita utawi sesembahan sanesipun ingkang saged ndadosaken gesang kita mblasar lan kebak dosa, awit namung Gusti Allah kemawon tuking pitulungan kita ingkang sejati. Amin. [Sungsang].
“Tansah kumandel ing Gusti Allah mesti bakal mulya.”