Pratanda Tumuju Ing Kasetyan Pancaran Air Hidup 13 April 2026

13 April 2026

Waosan: Para Hakim 6 : 36 – 40  |  Pamuji: KPJ. 133
Nats: “Anadene Gusti Allah iya nindakake kang kaya mangkono ing wayah bengi iku, sabab mung guntingan wulu thok kang garing, dene lemahe kabeh padha kebunan.” (Ayat 40)

Ing kahanan gesangipun manungsa, asring kita mbetahaken satunggal pratandha saderengipun tumindak, mliginipun nalika mendhet keputusan ageng. Mekaten ingkang kadadosan dhateng Gideon. Piyambakipun ngraosaken bilih piyambakipun mboten saged, rumaos alit ing ngarsanipun Gusti. Mila piyambakipun nyuwun pratandha supados tumindakipun mboten nyimpang saking karsanipun Gusti. Piyambakipun nyuwun pratandha lumantar wulu mendha ingkang kebunan minangka pangukuhing pangandel, pratandha alit kangge ngiyataken manah.

Ing konteks Timur Dekat Kuno, wulu mendha lan ebun punika mboten namung dados prakawis alam ingkang lumrah, nanging ngemu pralambang ingkang langkung lebet. Wulu mendha ingkang alus lan saged nyerep toya kanthi gampil, asring dipun ginakaken kangge mangertosi duginipun ebun ing wayah enjing. Dene ebun piyambak, wonten pemanggih jaman punika dipun anggep tandha pangrimatan saha berkah saking Gusti. Saking pratandha alit punika, kita saged sinau bilih pangandikaning Gusti asring rawuh lumantar prakawis-prakawis ingkang prasaja, nanging ngemu teges ingkang lebet tumraping manah. Nalika ebun punika nresep wonten ing wulu mendha, punika dados pralambang katresnaning Gusti dhateng Gideon sacara pribadi. Nanging nalika ebun punika nelesi sakatahing tanah, maknanipun saya amba: katresnan saha sih pangayomaning Gusti mboten winates dhateng Gideon kemawon, nanging ngambah dhateng sadaya umat manungsa. Saking pratanda punika, Gideon sinau bilih kapitadosan sejati mboten medal saking kathahing pratandha, nanging saking raosing manah, bilih Gusti tansah rawuh, makarya, saha ngancani gesanging manungsa saben wektu.

Ing satengahing mangsa Paskah punika, kados dene Gideon ingkang wanuh dhateng karsanipun Gusti sasampunipun mirsani pratandha saking Gusti, mekaten ugi kita nampi pratandha katresnanipun Gusti lumantar prastawa salib. Mangsa Paskah punika dados wekdal ingkang prayogi kangge kita ngebaki timbalan suci srana iman, kasetyan, lan tulusing manah. Mangga kita tansah pitados bilih Gusti tansah nganthi, ngreksa, lan maringi pitedah ing lampah gesang kita. Kanthi mekaten, Paskah mboten namung dados pangenget kemawon, nanging ugi dados wujud katresnanipun Gusti dhateng kita saben dinten. Amin. [KYP].

“Iman tuwuh sanes saking pratandha, nanging saking pangraos bilih Gusti tansah makarya.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak