Allah kang Ngungkuli Para Dewa Pancaran Air Hidup 11 Maret 2023

11 March 2023

Waosan: Jabur 95 : 1 – 11 | Pamuji : KPJ. 23
Nats:Sebab Pangeran iku Allah kang luhur, sarta Raja kang agung, ngungkuli sakehe para dewa .” (Ayat 3).

Wonten kanca ingkang sanjang bilih ing gesang punika kita kedah nggadhah klambi rangkep. Punapa tegesipun tembung punika? Kanca kalawau jlentrehake bilih manungsa gesang ing alam donya punika kedah nggadhah gondelan rangkep, nggih pitados dhumateng Gusti Yesus lan ugi pitados dhateng panguwasa sanesipun. Pemangihipun menawi wonten punapa-punapa ing gesang punika, langkung kathah ingkang dipun andelaken. Menawi bleset ingkang setunggal, setunggalipun sageda nulungi. Menawi nyeyuwun ugi mekaten, menawi setunggal mboten maringi, setunggalipun sageda maringi. Kados-kados kanca kalawau mboten mantep anggenipun pitados dhumateng Gusti, manahipun taksih manggu-manggu.

Iman ingkang taksih manggu-manggu kalawau saestu benten sanget kaliyan imanipun Juru Mazmur ingkang saestu mantep tumuju namung dhumateng Gusti Allah. Satemah piyambakipun ngajak sedaya umat sowan ngabekti namung dhumateng Gusti Allah kemawon. Juru Mazmur punika ngajak sedaya umat tansah memuji lan ngluhuraken Gusti Allah, awit Panjenenganipun Mahaluhur, agung, sarta ngungkuli sakehipun para dewa. Lumantar ajakan punika, saged ta bangsa Israel mboten kados kala rumiyen, manahipun kabidung kaliyan allah utawi dewa sanesipun, lajeng nglewar. Ananging sapunika saged ta tambah mantep anggenipun pitados dhumateng Gusti Allah, awit mboten wonten allah utawi dewa sanesipun ingkang ngungkuli Panjenenganipun.

Kadangkala iman kita dhumateng Gusti Allah asring mangu-mangu, asring kita mapanaken illah sanesipun wonten ing manah kita, kados nyembah dhateng brahala, pitados dhateng dukun/ paranormal, mburu kadonyan, lsp. Prekawis punika tamtu mboten dados solusi ananging nambahi masalah, awit kita sampun nerak angger-anggeripun Gusti. Pramila ingkang paling sekeca, kita namung pitados dhumateng Gusti Yesus kemawon, sampun ngantos kita ngugu pepinginanipun kita piyambak. Mangga kita tansah mirengaken sarta nggatosaken dawuhipun Gusti. Makaten ugi kita tansah sujud manembah dhateng Gusti Yesus, awit namung Gusti Yesus kemawon ingkang kedah kita sembah bekteni. Mboten wonten ginanipun kita manembah dhateng dewa/illah sanesipun, awit sedaya punika wonten ing panguawaosipun Gusti Yesus, ingkang ngungkuli punapa kemawon. Amin. [GIK].

“Namung siji gondelanku, yaiku Gusti Yesus kang luhur lan agung.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak