Waosan: Mateus 21 : 23 – 32 | Pamuji: KPJ. 106
Nats: “Panjenengan tumindak makaten punika kanthi panguwaos ingkang pundi? Saha sinten ingkang maringi panguwaos punika dhateng Panjenengan?“ (Ayat 23b)
Kepengker wonten ukara ing media sosial ingkang viral. Ukara punika asring dipun ucapaken kanthi suwanten bindheng. Punapa panjenengan enget? Kamu nanya? Ukara punika ingkang dipun ucapaken. Wiwit lare alit ngantos dewasa asring ngucapaken ukara punika. Punapa panjenengan nate ngucapaken ukara punika? Menawi kita gatosaken, ukara punika dipun ucapaken kados-kados wonten raos mangu-mangu badhe mangsuli, awit pitakenan punika kados guyon. Pitakenan ingkang mboten perlu, awit sampun mangertos wangsulanipun.
Pitakenanipun imam agung lan para pituwaning bangsa Yahudi ing ayat nats kita punika pitakenan ingkang kalandesan raos serik dhumateng Gusti Yesus. Pitakenan ingkang pingin nyobi Gusti Yesus. Sejatosipun para tiyang punika mangertos saking pundi panguwaosipun Gusti Yesus punika, nanging mboten ngakeni. Para tiyang punika asring nyekseni kados pundi Gusti Yesus anggenipun ngawontenaken mujijat lan paring piwucal. Mboten namung sepisan pindho nanging sampun wongsal-wangsul anggenipun nyobi Gusti Yesus. Imam agung lan para pituwaning bangsa Yahudi pancen mboten remen kaliyan Gusti Yesus lan pados cara kados pundi supados Gusti Yesus saged kaukum. Mila saking punika Gusti Yesus mboten mangsuli kanthi cetha lan gantos atur pitakenan dhateng imam agung lan para pituwaning bangsa Yahudi bab Yokanan Pambaptis. Nyantanipun tiyang-tiyang punika mboten saged mangsuli kanthi trep, awit tiyang-tiyang wau namung lamis.
Sampun cetha lan gamblang bilih panguwaosipun Gusti Yesus punika pinangkanipun saking Gusti Allah piyambak, sanes saking manungsa utawi kakiyatan sanesipun. Pramila sampun ngantos kita mangu-mangu lan atur pitakenan saking pundi panguwaosipun Gusti Yesus punika? Sumangga kanthi mantep kita sami pitados dhumateng Gusti Yesus. Ing sauruting lampah gesang kita, kita tansah ngakeni bilih namung Gusti Yesus kemawon ingkang dados tuking pitulungan lan kasantosan gesang kita, awit Gusti Yesus kuwaos ngayomi saha mberkahi gesang kita. Amin. [SWT].
“Mantep pracayaa mring Gusti Yesus!”