Waosan : Lelakone Para Rasul 8 : 4 – 13 | Pamuji : KPK 9 : 1, 2
Nats: “Simon dhewe iya manjing pracaya, lan sawise dibaptis tansah ngraketi marang Sang Filipus sarta sumlengeren nyumurupi pratandha-pratandha lan mukjijat-mukjijat linuwih kang tumindak.” [ay.13]
Pakunjaran inggih punika papan paukuman kangge sawetawis tiyang ingkang nerak wewaler/ hukum ing nagari kita. Pakunjuran ugi dados papan ndadar sarta nuntun murih manungsa ingkang kebacut tumindak lepat sageda nelangsani kalepatanipun lajeng nglampahi gesang ingkang migunani tumrap dhiri lan ngasanes. Wonten ingkang lajeng saged sadhar ngewahi gesangipun. Nanging ugi mboten sekedhik, ingkang mungel, “Kula getun, kula sadhar”, nanging nyatanipun mboten waleh-waleh anggenipun keluar masuk penjara.
Simon tiyang Samaria nglampahi gesang kanthi pemanggih ingkang dipunyakini sae lan leres, ing lampah pasikhiran/ sihir/ ndhukun. Piyambakipun rumaos pinunjul, nggadhahi ngelmu ingkang inggil tan wonten ingkang ngungkuli. Ananging sasampunipun mireng piwucal sarta pratandha ingkang dipuntindakaken dening Filipus, piyambakipun sadhar bilih punapa ingkang dipuntindakaken punika mboten namung lepat, ngapusi tiyang kathah lan dados sumbering dosa. Sasampunipun sadhar piyambakipun lajeng ngewahi gesangipun kanthi tumemen. Ngetut satindakipun Filipus martosaken Injil sarta mindhak dinten mindhak kaeraman kaliyan piwucal lan pratandha ingkang dipuntindakaken dening Filipus abdining Gusti.
Kathah tiyang ingkang nggadhahi kesadharan, salahsatungalipun, bab nresnani bumi. Ananging sadhar kemawon ugi dereng cekap, kedah wonten eksekusi/ tindak lanjutipun. Kathah ingkang sampun sadhar, ananging seumur jagung kemawon. Sampun wongsal-wangsul ing greja kaangkat isu-isu global warming kanthi langkung nresnani bumi. Kados pundi eksekusinipun?
Wegdal mboten sedaya purun kaajak langkung peduli kaliyan bumi, kita lajeng mlempem. Wegdal ewet ngajak tiyang supados ngewahi gaya hidup, kita lajeng mutung. Mangga sinau saking Simon saya greget anggenipun dherek Gusti, mekaten ugi kita saya rumaos tanggel jawab dhateng kahananing bumi ingkang sansaya ngegirisi kanthi tumindak nyata tanpa waleh-waleh! [PKS]
Bumi mbetahaken kita, ananging kita langkung mbetahaken bumi!