Waosan: Markus 13 : 24 – 37 | Pamuji: KPJ. 415
Nats: “Sing padha ngati-ati lan tansah padha meleka! Sabab kowe ora padha sumurup ing wektune.” (Ayat 33)
Mbok bilih kita sadaya nate ngrantos rawuhipun tamu ingkang wigati wonten ing griya kita. Kita sampun sumerep bilih piyambakipun badhe rawuh dinten punika nanging kita mboten mangertos jam pinten rawuhipun. Wiwitanipun kita sami cecawis: nyapu, ngresiki griya, nata griya supados resik lan rapi. Nanging awit tamu punika dereng rawuh, kita lajeng kendho. Lenggah sekedhap lajeng leyeh-leyeh, lan tanpa sadar, kita malah tilem. Dumadakan kapireng suwanten kori dipun gedhok. Kita kaget. Griya dereng tumata lan kita ugi dereng siyap. Punapa mboten mekaten kaliyan gesang karohananen kita? Kita sami mangertos bilih Gusti Yesus badhe rawuh. Kita mangertos punika prakawis ingkang wigati. Nanging awit “dereng sapunika”, kita nundha, kendho, malah pungkasanipun “tilem”.
Sabdanipun Gusti dinten punika kados kori ingkang dipun gedhok punika: “Tangia. Sumedya.” Gusti Yesus nggambaraken swasana ingkang peteng lan nggetak. Punika mboten namung bab wekasaning jaman, nanging ugi dados pangiloning manahipun manungsa. Wonten perangan ing salebeting gesang kita ingkang taksih peteng, kados luka, paiting manah, dosa, utawi iman ingkang adhem. Mangsa Adven punika ngajak kita mriksa manah kita. Gusti Yesus negesaken: mboten wonten satunggal kemawon ingkang mangertos wekdalipun. Ing ngriki kita asring klentu, kita nundha. Nundha kangge mratobat, nundha kangge nresnani. Kita rumaos taksih kathah wekdal. Nanging timbalanipun Gusti Yesus punika cetha: sami waspada. Kados abdi ingkang ngentosi wangsulipun bendaranipun, kita katimbalan gesang kanthi kasiyapan, mboten kanthi tegang, nanging kanthi eling lan waspada. Saben dinten, kedah kita lampahi kanthi manah ingkang kabuka, iman ingkang gesang, lan kasetyan ingkang nyata. Punika margi kangge kita nyumanggakaken Sang Pepadhang Sejati rawuh ing gesang kita.
Gusti Yesus ngandika sampun ngantos kita kapanggihaken lagi tilem. Tilem rohani punika mboten tansah katingal, kita saged kemawon katingal aktif ing paladosan, nanging manah kita tebih saking Gusti. Mila ing mangsa Adven punika, sumangga kita sami tangi. Kita sami mriksa manah kita, ngresiki sadaya ingkang peteng awit Sang Pepadhang Sejati sampun rawuh, lan Panjenenganipun karsa manggihi manah kita ingkang nyumanggakaken rawuh-Ipun. Amin. [dvd].
“Waspada punika wujud katresnan: manah ingkang eling mesthi siyap nyumanggakaken rawuhipun Gusti.”