Waosan: Zakharia 14 : 1 – 9 | Pamuji: KPJ. 412
Nats: “Sang Yehuwah nuli bakal jumeneng Ratu, misesani salumahing bumi; ing wektu iku mung Pangeran Yehuwah kang jumeneng mribadeni lan mung asmane kang ana.” (Ayat 9)
Sadaya tiyang gesang ing alam donya punika kagungan pangajeng-ajeng ingkang sae. Wontenipun pangajeng-ajeng punika dados daya kakiyatan kangge gesang kita. Punapa malih bilih sadaya pengajeng-ajeng punika saged kasembadan kanthi nyata. Tamtunipun sansaya nuwuhaken raos bingah lan semangat kangge kita. Kosokwangsulipun, kados pundi raosipun manah kita bilih sadaya pangajeng-ajeng punika mboten kasembadan? Nggih tamtunipun saged ndadosaken kita nglokro lan semplah ing manah lan kapitadosan kita.
Waosan kita punika mratelakaken bangsa Yehuda ingkang wangsul malih dhateng Yerusalem wetawis tahun 538 SM. Nalika dumugi Yerusalem, bangsa Yehuda enggal miwiti mbangun malih Padaleman Suci. Mbangun Padaleman Suci punika bab ingkang wigati karana minangka punjering pangibadah lan pralambang berkahipun Sang Yehuwah kangge para tiyang Yehuda ingkang kapulihaken. Nanging, kangge nindhakaken mbangun Padeleman Suci punika, bangsa Yehuda ngadhepi maneka warni rubeda, inggih punika wontenipun bangsa sanes ingkang nglurugi perang dhateng Yerusalem, ngrebat kitha, ngrayah griya, ngrusuhi tiyang wadon lan sepalih tiyang badhe medal dhateng pambuwangan (Ay. 2). Milanipun kangge bangsa Yehuda sampun mboten wonten pangajeng-ajeng malih sinaosa sampun luwar saking pambuwangan lan manggen wonten ing Yerusalem. Ngadhepi kawontenan punika, Nabi Zakharia maringi “semangat” bilih Sang Yehuwah piyambak ingkang badhe mulihaken kawontenaning gesang bangsa Yehuda punika (Ay. 3-8). Sang Yehuwah ugi badhe jumeneng Ratu ing salumahing bumi lan namung asman-Ipun ingkang kaluhuraken (Ay. 9).
Saking waosan punika kita pikantuk piwucal: Minangka umat kagunganipun Gusti Allah, wonten kalamangsanipun kita ngraosaken kawontenan gesang ingkang awrat karana ngadhepi maneka warni pacoben, panggodha, lan kahanan gesang. Prekawis punika saged ndadosaken kita kecalan pengajeng-ajeng lan “semangat”. Pramila sumangga kita tansah pitados bilih Gusti Allah piyambak ingkang badhe mulihaken kawontenaning gesang kita. Ing wekdal punika, sumangga kita sami niti priksa kawontenan gesang kita. Niti priksa punapa ingkang sampun kita tindhakaken lantaran pengangen-angen (pikiran), pangucap (tutur kata) lan tumindhak kita. Mangga kita pasrahaken gesang kita sawetahipun dhumateng Gusti. Amin. [G_mbul].
“Pengare-arep iku mesthi ora bakal ngapirani.” (Rum 5:5)