Waosan: Jabur 95 : 1 – 7a | Pamuji: KPJ. 426
Nats: “Awitdene Pangeran Yehuwah iku Allah kang agung, sarta Raja Agung kang ngungkuli sakehing allah.” (Ayat 3)
Ing jaman modern punika, kathah manungsa ingkang rumaos bilih kasugihan, jabatan, lan kakiyatan dhiri punika dados piandel ingkang utami. Kita asring kesupen bilih sadaya ingkang kita gadhahi punika pinangkanipun saking Gusti Allah. Punapa malih, donya asring mameraken panguwaos ingkang asipat meksa lan nindhes, matemah saged nuwuhaken raos ajrih ing satengahing gesang pasrawungan. Kamangka, sejatosipun manungsa mbetahaken pamimpin ingkang saged ngayomi lan nentremaken. Mila kita pitados Gusti Allah punika Sang Raja Agung salebeting gesang para umat. Kita ngakeni panguwaosipun Gusti langkung inggil tinimbang kakiyataning manungsa. Srana pangaken punika, kita badhe manggihi raos ayem lan mboten badhe gumunggung dhateng punapa ingkang kita gayuh ing alam donya punika.
Waosan kita saking Jabur 95:1-7a ngajak kita ngraosaken kawontenanipun Gusti Allah, Sang Ratu Agung. Juru Mazmur ngengetaken bilih Gusti Allah punika “Gunung Parang” kawilujengan, tegesipun sinten kemawon ingkang pitados dhumateng Panjenenganipun mboten badhe goyah dening owah-gingsiripun jaman. Awit sadaya titah, wiwit saking lebetipun bumi ngantos pucuking redi, wonten ing astanipun Gusti. Jabur punika mboten namung ngajak kita surak-surak memuji Gusti, nanging ugi ngajak kita sujud manembah dhumateng Gusti. Sikep punika mujudaken pangaken kita bilih panguwaosipun Gusti Allah punika panguwaos ingkang kebak katresnan, kados dene pangon ingkang nuntun menda-mendanipun kanthi sabar dhateng ara-ara ingkang seger.
Ngraos-ngraosaken kautaman panguwaosipun Gusti ing gesang padintenan, tegesipun kita wantun nilaraken “raja-raja palsu” awujud piandel dhateng prekawis-prekawis kadonyan, kadosdene kasugihan lan kakiyatan dhiri, ingkang asring damel kita gumunggung. Kita kedah ngakeni Gusti Yesus minangka Raja ingkang nuntun gesang kita. Kita ugi dipun utus kangge ngetrepaken panguwaos ingkang ngrangkul, sanes nindhes. Panguwaos ingkang dados berkah kangge sesami, sanes panguwaos ingkang ngrisak. Mekatena ugi kita mboten dados tiyang ingkang namung nengenaken pikajeng kita piyambak, nanging kita tansah setya mirengaken swantenipun Gusti kanthi andhap asor. Kanthi masrahaken sadaya rancangan gesang kita dhumateng karsanipun Gusti, kita mboten badhe kuwatos tumrap mobat-mabiting donya, awit kita mangertos kita punika umat ingkang dipun rimat dening Gusti Allah Sang Ratu Sejati kanthi tentrem rahayu. Amin. [YEP].
“Uwiting ayem namung saking Sang Ratu Sejati.”