Mulat Sarira Pancaran Air Hidup 7 November 2026

7 November 2026

Waosan: Jabur 70 : 1 – 6  |  Pamuji: KPJ. 52
Nats: “Dhuh Allah, mugi enggal karsaa ngluwari kawula, dhuh Yehuwah, mugi karsaa mitulungi kawula.” (Ayat 2)

Ing budaya Jawi wonten istilah “mulat sarira hangrasa wani”, inggih punika tumindak niti priksa kanthi jujur dhateng dhiri kita piyambak. Kita ningali manah kita kanthi lebet, ngrumaosi kekirangan, lan gesang kanthi andhap asor. Nanging ing pigesangan saben dinten, ingkang kedadosan, kita langkung asring ningali kalepatanipun tiyang sanes katimbang niti priksa dhateng dhiri kita piyambak. Nalika wonten prekawis ingkang kita alami, kita langkung gampil nglepataken kawontenan, tiyang sanes, malahan ugi nglepataken Gusti.

Waosan kita nyariosaken pandonga saking Juru Mazmur nalika ngalami kawontenan ingkang awrat salebeting gesangipun. Juru Mazmur matur, “Dhuh Allah, mugi enggal karsaa ngluwari kawula.” Tembung punika negesaken bilih piyambakipun ngrumaosi kawontenanipun ingkang ringkih, winates, lan estu mbetahaken Gusti. Punika wujud saking mulat sarira/mawas diri ingkang sejati, nalika kita wantun ngakeni karingkihan kita ing ngarsanipun Gusti Allah. Juru Mazmur ugi mboten males mengsahipun ingkang jahat, nanging masrahaken sadayanipun dhumateng Gusti. Piyambakipun ugi mboten ngegungaken dhiri utawi nggadhahi pepinginan kangge males mengsahipun, nanging langkung milih pitados dhumateng Gusti ingkang adil. Langkung tebih, Juru Mazmur ugi ngajak sadaya tiyang ingkang madosi Gusti kangge bingah-bingah lan ngluhuraken asma-Nipun. Tegesipun, sinaosa ngalami pakewed nanging manahipun tansah ngener dhumateng Gusti. Saking ngriki negesaken bilih mulat sarira punika mboten namung niti priksa dhateng dhiri kita piyambak, nanging ugi tumindak andhap asor, matemah saged sawetah ngandelaken Gusti. Ing pungkasan pandonganipun, Juru Mazmur nglairaken pangaken pitados, “Paduka punika ingkang mitulungi saha ngluwari kawula.”

Ing pigesangan saben dinten, mulat sarira punika saged dipun wujudaken sarana wantun ngakeni kalepatan, mboten enggal nglepataken tiyang sanes, lan tansah sinau pasrah dhumateng Gusti saben ngalami prekawis. Nalika ngadhepi padudon, kedahipun kita taken: “Apa kang perlu tak owahi?” mboten namung taken, “Sapa sing salah?” Swawi kita sami ngasoraken manah ing ngarsanipun Gusti awit saking manah ingkang purun mulat sarira punika saged tuwuh gesang ingkang kapulihaken lan dipun pimpin dening Gusti. Amin. [nn].

“Tiyang ingkang kiyat sanes tiyang ingkang tansah leres, nanging tiyang ingkang wantun ningali dhirinipun kanthi jujur ing ngarsanipun Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak