Waosan: Rum 11 : 33 – 36 | Pamuji: KPJ. 92
Nats: “Awitdene anane samubarang kabeh iku saka ing Panjenengane, lan marga dening Panjenengane, sarta lumadi marang Panjenengane: Kamulyan kagema ing Panjenengane salawas-lawase!” (Ayat 36)
Wonten perangan lirik lagu Surga-Mu saking grup band Ungu ingkang mekaten: ”Segala yang ada dalam hidupku, ku sadari semua milik-Mu, ku hanya hamba-Mu yang berlumur dosa.” Lagu punika dipun cipta taun 2013 ingkang nyariosaken bilih sadaya ingkang kalampahan ing jagad punika pinangkanipun saking Gusti Allah. Karana sadaya punika kagunganipun Gusti Allah, kita para manungsa titahipun Gusti dipun timbali mbangun turut karsanipun Gusti.
Rasul Paulus nyerat layangipun dhateng pasamuwan Rum (Rum 11:33-36) srana ngutip perangan ayat saking kitab Yesaya. Kados ayat 33 ingkang dipun petik saking Yesaya 55:8 lan ayat 34 saking Yesaya 40:13. Punika nedahaken bilih ing pasamuwan Rum punika taksih kathah tiyang Kristen Yahudi. Pramila Rasul Paulus, anggenipun mucal bab kawilujengan saking Gusti punika metik saking pratelanipun Kitab Yesaya. Paulus negesaken bilih kawilujengan ingkang dipun tampi dening Israel punika pinangkanipun saking Gusti Allah. “Awitdene anane samubarang kabeh iku saka ing Panjenengane, lan marga dening Panjenengane, sarta lumadi marang Panjenengane: Kamulyan kagema ing Panjenengane salawas-lawase!”(Ay. 36). Ayat punika negesaken bilih sadaya samukawis ing gesang punika saged kalampahan awit saking Asmanipun Sang Yehuwah. Dados kawilujengan ingkang dipun tampi dening para umat pinangkanipun saking Gusti Allah. Ing ngriki, Paulus ngupadi mbangun imanipun para umat Kristen ing Rum supados ngugemi bilih sadaya punika pinangkanipun saking Gusti, krana Gusti, lan kagem Gusti.
Maligi kangge gesang kita samangke, saking seratanipun Rasul Paulus dhateng pasamuwan ing Rum punika, kita dipun engetaken bilih punapa kemawon ingkang kelampahan ing gesang kita awit saking karsanipun Gusti. Pramila ing salebeting gesang kita, kedah kita tuwuhaken pangaken bilih ingkang kelampahan ing gesang kita punika pinangkanipun saking Gusti, karana Gusti, lan kagem Gusti. Mangga kita wangun brayat ingkang ngugemi punapa ingkang dados piwucalipun rasul Paulus punika supados gesang kita lan brayat kita tansah pikantuk berkah peparingipun Gusti. Amin. [DW].
“Mbangun miturut dhumateng Gusti, ndadosaken tuwuhing berkah.”