Waosan: Mateus 14 : 22 – 33 | Pamuji: KPJ. 448
Nats: “Nanging tumuli padha dipangandikani dening Gusti Yesus: “Padha dienak atimu! Iki Aku, aja wedi!” (Ayat 27)
Ing sajroning pigesangan, nalika kita sampun tepang kaliyan tiyang sanes kanthi celak, asring kita mboten namung nyumerepi nami, nomor telepon, utawi alamatipun. Langkung saking punika, kita tamtu nyumerepi cariyos gesangipun, pengajeng-ajengipun, pola pikiripun, watakipun, sarta gaya wicantenan lan tindak-tandukipun. Satemah, ing maneka werni kahanan pigesangan, asring kita nyumerepi sikep punapa ingkang badhe dipun lampahi dening tiyang punika.
Waosan kita ing dinten punika nyariyosaken bab para sakabat ingkang montang-manting katempuh ing ombak, amargi angin ing satengahing segara. Para sakabat ngraosaken ajrih lan sumelang. Nalika Gusti Yesus nyusul para sakabat kalayan napak ing segara, para sakabat dados langkung ajrih lan mastani bilih Gusti Yesus punika memedi. Gusti Yesus sampun ngupadi nerangaken bab Dhirinipun, nanging karana raos ajrihipun, para sakabat mboten saged nerami pangucapipun Gusti Yesus kanthi wicaksana. Para sakabat ingkang sampun tepang kaliyan Gusti Yesus kanthi celak, kecalan pengenalan ingkang sampun dipun gadhahi karana kalimputan raos ajrih lan sumelang.
Asring ing sajroning gesang kita padintenan, kita ngalami kahanan kados para sakabat. Kita sampun tepang kaliyan Gusti Yesus lan sumerep bilih Gusti Yesus ingkang kita tepangi punika mboten badhe nilar kita sarta tansah paring pitulungan. Nanging, karana kalimputan raos ajrih lan sumelang utawi karana manah kita ingkang semplah, kita mboten saged ningali lan ngraosaken bilih Gusti Yesus sampun rawuh dhateng kita lumantar maneka-werni sarana, lajeng manah kita dados kuciwa. Waosan kita ing dinten punika paring pepenget tumraping kita sami, sampun ngantos pitepangan kita kaliyan Gusti Yesus kasirnakaken karana maneka werni raos manah ingkang nedahaken kasedihan, was sumelang, utawi raos ajrih. Mangga kita nyuwun kawicaksanan dhumateng Gusti Yesus supados kita saged ngendhaleni maneka werni raosing manah kita, lajeng saged ningali dan ngraosaken rawuhipun Gusti Yesus ing sajroning pigesangan kita. Amin. [xie].
“Payo, maju, ja giris atimu, marga Gusti nganthi salakumu!”