Waosan: Pangandharing Toret 8 : 1 – 10 | Pamuji: KPJ. 106
Nats: “Kang iku padha netepana pepakene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan lumakua ana ing dalan kang ditedahake sarta wedi-asiha marang Panjenengane.” (Ayat 6)
“Jer Basuki Mawa Beya” punika paribasa Jawi ingkang nemu teges kasuksesan punika mbetahaken pangorbanan lan beaya. Kanyatan tembung punika saged dipun tingali wonten gesang kita sadinten-dinten. Contonipun: yen bocah pengen pinter kedah sinau, sekolah, lan mbetahaken beaya kangge sekolah. Yen tiyang badhe mbangun karir mesthi kagungan semangat, purun sinau saking pengalaman, lan gadhah ilmu ingkang mumpuni. Yen tiyang badhe mbangun griya tamtu mbetahaken lahan, material, tukang, lan arto. Kados pundi kaliyan mbangun iman?
Supados umatipun Gusti Allah saged mbangun iman kanthi tatag, para umat kedah nindakaken pepakon-pepakon ingkang dipun prentahaken Gusti Allah kalawan temen lan ajrih asih dhumateng Panjenenganipun. “Mulane kowe mangertia kang temenan, Yen Sang Yehuwah, Gusti Allahmu anggone mulang marang kowe kaya pamulange wong tuwo marang anake.” (Ay. 5). Bilih kita setya nindakaken pepakon lan ajrih asih dhumateng Gusti Allah, gesang kita mesthi ngraosaken katentreman lan kawilujengan. Kados dene bangsa Israel ingkang sampun katuntun medal saking tanah Mesir. Sekawan dasa taun bangsa Israel gesang ing ara-ara samun. Sak dangunipun sekawan dasa taun mlampah, sandanganipun mboten risak lan sukunipun mboten ngantos abuh (Ay. 4). Ing ngriku bangsa Israel dipun didik supados setya tuhu dhumateng Gusti Allah lan saged ngraosaken pakaryanipun Gusti. Sadaya prastawa ingkang kedadosan punika dados sarana mbangun iman bangsa Israel lan kita sami.
Prastawa gesang ingkang kita dipun alami ing gesang kita saben dintenipun punika dados sarana kita mangertosi pakaryanipun Gusti Allah. Bilih kita sampun nyekseni, ngalami, lan nampi cariyos bab pakaryanipun Gusti, kedahipun kita tansah pitados, sumende, lan pasrah dhumateng Gusti. Sadaya punika kita wujudaken kanthi rajin ndedonga, ngabekti, lan nindakaken pangandikanipun Gusti. Menawi kita ngadepi masalah, mangga kita namung nyuwun pitulungan lan kakiyatan dhumateng Gusti Allah. Mangga kita tansah mbangun iman lan kasetyan kita dhumateng Gusti Yesus, awit gesang kita mesthi lestari lan wilujeng. Amin. [Ry].
“Disantosa lan ditatag atimu, Gusti Allah nunggil ing salaku-lakumu.”