Budi Pekerti Pancaran Air Hidup 1 Agustus 2026

1 August 2026

Waosan: Jabur 145 : 8 – 9, 14 – 21  |  Pamuji: KPJ. 27
Nats: Cangkemku ngunjukake pepujian marang Pangeran Yehuwah, sarta sakehing makhluk kareben padha tansah ngluhurake asmane kang suci ing salawase.(Ayat 21)

Ing sasi September 2023, wonten setunggal film ingkang dipun puter ing gedung bioskop, film punika irah-irahanipun “Budi Pekerti.” Film punika nyariosaken bu Prani ingkang dados korban cyber bullying. Kahanan punika mboten namung dipun alami bu Prani piyambak, ananging ugi dipun alami sadaya brayatipun, mliginipun dhateng para putranipun. Kahanan punika ndadosaken bu Prani dipun sengiti para siswanipun, mboten dipun ajeni minangka guru. Mekaten ugi kaliyan para putranipun, ugi dipun sengiti kanca-kancanipun lan tetangginipun. Kahanan punika, ndadosaken pak Didit, semahipun bu Prani ngantos depresi. Saestu gesang lan kahanan ingkang dipun alami bu Prani punika gesang lan kahanan ingkang awrat miturut ukuraning manungsa.

Mboten namung bu Prani, kita tamtu ugi nate ngalami kahanan gesang ingkang awrat. Kita saged mastani kahanan punika “cobaan hidup”. Ing kahanan punika, setunggal ingkang kedah kita sadari kita punika manungsa titahipun Gusti Allah, kagungan-Ipun Gusti Allah. Kados pangakenipun Juru Mazmur, kita kedah sadar bilih Gusti Allah punika Gusti ingkang kebak asih sarta kawelasan. Panjenenganipun tansah ngrimati umat-Ipun saha kebak sih kadarman (Ay. 8-9). Panjenenganipun mboten bakal nilaraken umat-Ipun nalika umat-Ipun punika ngalami prekawis ingkang mboten sae. Panjenenganipun badhe maringi sih rahmat-Ipun, nyekapi kabetahan sarta nyarengi lampah gesang umat-Ipun. Panjengenganipun saestu nresnani lan nunggil umat-Ipun anggen ngadepi sadaya kahanan ingkang awrat. Mila ing ayat nats kalawau, Sang Juru Mazmur tansah memuji lan ngluhuraken Gusti Allah awit panganthi lan pangrimatan-Ipun ingkang nyata.

Nuwuhaken kesadaran bilih Gusti Allah mboten nilar kita punika kedah kita lampahi ing gesang kita padintenan. Nalika gesang kita karaos awrat kados ingkang dipun alami Bu Prani sabrayat, mangga kita nggadhah budi pakerti utawi kaluhuran ingkang sae. Awit saking budi pakerti ingkang sae punika, badhe tuwuh kapitadosan kita dhumateng Gusti Allah. Mangga kita tansah enget lan setya dhumateng Gusti Allah ing sadaya kahanan gesang kita. Sampun ngantos kita namung ngandelaken kakiyatan kamanungsan kita, nanging mangga kita ngandelaken Gusti Allah, tuking kakiyatan lan pitulungan gesang kita. Gusti nresnani kita sadaya. Amin. [HADS].

“Panjenengan-Ipun mboten badhe nilar kita wonten ing sadaya mangsa gesang kita.

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak