Waosan: Kidung Pangadhuh 3 : 40 – 58 | Pamuji: KPJ. 391
Nats: “Mara, payo padha naliti lan mriksa urip kita, sarta padha bali sowan marang Sang Yehuwah.” (Ayat 40)
Mboten wonten manungsa ingkang sampurna, saben tiyang nate tumindak ala ing ngarsanipun Gusti. Nadyan mekaten prekawis punika mboten ateges manungsa saged tumindak ala ing gesangipun. Minangka umat kagunganipun Gusti Allah, saben tiyang tansah dipun engetaken supados ngupadi tumindak ingkang nyondhongi kaliyan karsanipun Gusti Allah. Nanging, kados pundi menawi manungsa asring dawah ing dosa. Punapa Gusti Allah karsa paring pangapunten dhumateng manungsa ingkang dosa?
Bangsa Israel ingkang kasebat minangka bangsa ingkang piniji, umat kagunganipun Gusti Allah nyatanipun sanes bangsa ingkang sae tumindakipun. Bangsa Israel asring nerak angger-anggeripun Gusti Allah. Wonten ing gesangipun namung bujeng pikajengipun piyambak, mboten purun ngestokaken pangandikanipun Gusti Allah. Prekawis punika dadosakan bangsa Israel nampi paukuman saking Gusti Allah. Bangsa Israel dipun kuwasani dening bangsa-bangsa sanes, malah ngantos dipun bucal lan dados batur bangsa sanes. Kejawi punika, kutha Yerusalem ingkang swaunipun dipun panggeni, kawontenanipun ugi risak sanget. Prekawis punika ndadosaken bangsa Israel nelangsa lan getun sanget. Ing suasana kados mekaten punika bangsa Israel dipun engetaken supados nliti lan mriksa gesangipun. Ing salajengipun dipun engetkan supados wangsul malih dhumateng Gusti Allah. Ngakeni sadaya kalepatanipun dhumateng Gusti Allah lan nindakaken malih punapa ingkang dados karsanipun Gusti Allah. Saking ngriku, Gusti Allah mesti paring kawilujengan dhateng para umat kagungan-Ipun.
Gusti Allah, pancen tega paring paukuman dhateng saben tiyang ingkang tumindak ala ing ngarsan-Ipun. Nadyan mekaten mboten salaminipun Gusti Allah paring paukuman. Karana katresnanipun, Gusti Allah karsa nimbali saben tiyang ingkang sampun nilar lan nebih saking Panjenenganipun. Panjenenganipun paring pangapunten dhateng sinten kemawon tiyang ingkang ngakeni dosanipun lan nyuwun pangapunten. Sumangga katresnanipun Gusti Allah punika kita tanggapi kanthi wantun ngakeni kalepatan, nyuwun pangapunten, lan sedya ngupadi nindakaken punapa ingkang dados karsan-Ipun. Gusti Allah ingkang Maha Tresna mesthi paring pangapunten dhateng kita lan nyantosakaken kapitadosan kita. Amin. [HSW].
“Gusti mugi melasi kula.”