Gusti Ingkang Kuwaos Pancaran Air Hidup 29 Mei 2026

29 May 2026

Waosan: Ayub 38 : 12 – 21  |  Pamuji: KPJ. 191
Nats: “Mesthine sira wus sumurup, amarga nalika samana sira wus lair, lan wus akeh cacahing dinanira!” (Ayat 21)

Tiyang ingkang nate ngalami kasangsaran salebeting gesangipun, tamtu badhe nliti priksa gesangipun, “Kenging punapa piyambakipun nandhang sangsara?” Menawi piyambakipun manggihaken wonten dosa lan kalepatan ing gesangipun, piyambakipun enggal ndedonga nyuwun pangapunten dhumateng Gusti. Menawi mboten manggihaken dosa lan kalepatan, piyambakipun badhe nyuwun pirsa, kuwaos lan kaadilan saking Gusti. Kados ingkang dipun alami dening Ayub. Ayub rumaos bilih piyambakipun mboten dipun paringi kaadilan dening Gusti, awit piyambakipun rumaos mboten tumindak dosa, nanging ngalami kasangsaran (34:5-6). Kados-kados Gusti Allah mboten mangertos lan mboten pirsa kasangsaran awrat ingkang dipun alami. Kedahipun Ayub ingkang mboten tumindak dosa lan lepat punika mboten ngalami kasangsaran.

Waosan kitab suci ing dinten punika minangka wangsulanipun Gusti Allah dhateng Ayub. Gusti Allah maringi pirsa menawi Panjenenganipun kagungan panguwaos ingkang absolut (mutlak). Panjenenganipun ingkang ndamel, nata, lan ngatur sadayanipun. Panjenenganipun ugi ingkang nata lan ngatur peteng lan padhang, saha sadaya mangsa. Mboten wonten satunggaling tiyang ingkang mangertos wonten pundi Gusti Allah punika. Mboten wonten ingkang saged ndhawuhaken rawuh lan tindakipun padhang lan peteng,  panas lan jawah, kejawi Gusti Allah piyambak. Ing ngriki Ayub mboten saged ngraosaken kanugrahan saking Gusti Allah ingkang sampun nata lan ngatur mangsa lan sadaya ingkang wonten. Ayub tiyang ingkang saleh wonten ing gesangipun, sinau ngraosaken kanugrahan saking Gusti lan mangertosi kawicaksanan lan kuwaosipun Gusti Allah ingkang absolut punika. Piyambakipun mboten saged ngatur utawi paring pengaruh dhateng Gusti Allah kaliyan kasalehanipun. Ayub punika ringkih, piyambakipun namung saged nampi kawontenanipun, pasrah, lan pitados dhateng panguwaosipun Gusti Allah ingkang makuwasa punika.

Saking cariyos Ayub punika, kita mangertos bilih Gusti Allah punika kagungan kuwaos tumrap gesang kita. Nalika kita nandhang kasangsaran utawi pambengan wonten ing gesang kita, sampun ngantos kita pados sinten ingkang lepat, nanging mangga kita tansah mandheng Gusti. Kita pasrahaken gesang kita wonten astan-Ipun awit kasangsaran ingkang kita alami punika mboten nglangkungi panguwaosipun Gusti. Gusti tamtu paring kakiyatan lan pangluwaran ing wancinipun. Amin. [LEN].

“Jroning sangsara ginodha, panggah tatag ing driya.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak