Waosan: Yeremia 32 : 1 – 9, 36 – 41 | Pamuji: KPJ. 68
Nats: “Ingsun bakal karenan damel becik marang wong-wong iku, marga saka wong-wong iku, sarta Sundamel tuwuh ana ing nagara kene kalawan setya, kalawan gumolonging galih lan gumolonging nyawaningSun.” (Ayat 41)
“Kasih ibu, kepada beta tak terhingga sepanjang masa” punika kutipan saking lagu ingkang judulipun kasih ibu. Lagu punika nyariosaken katresnanipun tiyang sepuh mliginipun ibu ingkang ageng dhateng putranipun. Ing wanci samangke lagu punika kadosipun sampun kirang relevan awit kita asring manggihi berita tiyang sepuh ingkang nglarani anakipun. Prekawis punika saged kedadosan karana raos kamanungsan kita ingkang ringkih, ingkang asring mboten saged nresnani sesami kanthi saestu, mekaten ugi tumrap brayat kita.
Wonten ing waosan kita kacariyosaken relasi Gusti Allah dhateng umat-Ipun ingkang kebak katresnan. Kita pirsa bilih bangsa Israel sampun nglirwakaken pangandikanipun Gusti lan nilar Panjenenganipun. Saking tumindakipun punika bangsa Israel nampi paukuman saking Gusti Allah. Bangsa Israel dipun bucal dhateng Babel. Sadaya punika dados sarana kagem Gusti Allah gulowentah tumrap umat-Ipun. Wonten ing ayat 36-41, kita pirsa senadyan Gusti Allah sampun paring paukuman ananging sih katresnan-Ipun dhateng Bangsa Israel mboten ical. Saking sih katresnan-Ipun, Gusti Allah paring janji bilih bangsa Israel mratobat badhe kaparingan katentreman lan pangertosan supados gesangipun miturut karsan-Ipun Gusti. Mekaten Gusti badhe mberkahi umat-Ipun Israel.
Wonten salebeting gesang kita sadinten-dinten, saged ugi kawontenan gesang kita sami kados Bangsa Israel ing waosan punika. Ing pundi kadang kita taksih asring tumindak dosa, nindakaken gesang ingkang tebih saking karsanipun Gusti. Kita ugi nate nampi woh saking tumindak kita ingkang awon punika, inggih punika paukuman saking Gusti. Ing ngriku kita saged ngraosaken bilih woh saking piawon punika mboten nentremaken gesang lan manah kita. Selajengipun kita saged sinau bilih Gusti Allah nggulowentah kita supados kita sadar lan mboten nindakaken dosa malih. Mangga kita saged mangertosi bilih sih katresnan-Ipun Gusti Allah punika ageng sanget dhateng kita umat kagungan-Ipun. Panjenenganipun ngersakaken gesang kita tentrem rahayu lan binerkahan. Mangga kita gesang miturut karsanipun Gusti. Amin. [BWP].
“Mila kula ngidung Allah Maasih, Allah Maasih mring manungsa.”